contoh MC kematian, pambagyoharjo dan sambutan bahasa jawa
Tuladha 1 : MC UPACARA PANGRUKTILAYA/SRIPAH (Pambiyawara)
Assalamu'alaikum Wr Wb.
Bapa-ibu, para asungsih belasungkawa, boten kendhat ing wanci, boten mawas ing papan, sumangga kula dherekaken, muji syukur, kunjuk ngarsa dalem Allah SWT ,Dzat Ingkang Anggelar Jagad, ingkang tansah matedhakaken kawilujengan, kabegjan tuwin kabingahan, mugi tumama warata panjenengan sadaya, dalasan kula, minggahipun dhumateng kulawarga ingkang nandhang sungkawa.
Mati punika mesthi, tan bisa diselaki, najan kagedhongana tanpa guna, kakuncenana tan bisa suwala, wong mati mangsa wurunga.
Innalillahi Wainna illaihi roji'un.
Kados ingkang sampun kacetha, ing serat duhkita-wara, : Sampun katimbalan marak mangayun Allahirobbi, panjenenganipun, almarhum bapa Rahwana, kanthi puput yuswa 96 tahun, rikala dinten Kamis Wage, Surya kaping 22 Mei 2025, wanci tabuh sekawan enjing, wonten ing Rumah Sakit Soeradji Tirtonegoro, Klaten, kanthi tentrem.
Ibu-bapa para asungsih belasungkawa, ingkang mahambeg darma, kados sampun dumugi wanci, upacara pangruktining layon, tumuli badhe kawiwitan. Ingkang punika, kula ingkang kadhawuhan, dherekaken acara angkating layon, nyuwun donga pangestu lan nyuwun palilah, Mugi lampahing upacara, wiwit lekas, ngantos pungkas, tansah kalis ing rubeda, sepen ing panggodha.
Wondene urutaning adicara makaten :
- Sepisan atur pambuka,
- Tumuli waosan pustaka suci Al-Qur'an, karacik adicara urut kalih,
- Kalajengaken adicara urut tiga, atur pambagya wilujeng,
- Atur belasungkawa, tuwin panglipur, kaserat adicara urut sekawan,
- Kaping gangsal, Do'a angkating layon, kalajengaken bidhaling layon,
- Dene ingkang pungkasan PANUTUP
Ibu-bapa para asungsih belasungkawa, makaten urutaning adicara ingkang sampun karacik, karana sampun dungkap ing wanci, sumangga upacara pangruktining layon, tumuli kawiwitan, kanthi kula dherekaken maos Basmalah sesarengan... Bismillahirohmanirrahim.
Mugi, Allah SWT kepareng hanuntun, lampahing upacara ngantos paripurna, kanthi wilujeng.
Tumapak adicara urut kalih, waosan pustaka suci Al-Qur'an, ingkang badhe kaaturaken sedherek Ismail, wanci saha papan kula aturaken.
(Makaten kalajengaken ngantos saurutipun...)
0 Response to "contoh MC kematian, pambagyoharjo dan sambutan bahasa jawa"
Posting Komentar