tulodho, Atur pangubagyo manten
Tuladha : "ATUR PANGAYUBAGYA"
Assalamu'alaikum Wr Wb.
Bapa-ibu para tamu ingkang winengku ing suka rahayu, linangkung para sesepuh, aji sepuh ingkang sampun buntas salwiring kawruh.
Para adi lenggah, kakung-putri barayagung, ingkang hamanggih suka basuki, langkung rumiyin, sumangga, kula dherekaken, ngaturaken puji syukur pangalembana, wonten ngarsa dalem Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, ingkang sampun paring katentreman, kawilujengan, tuwin kabagas-warasan, mugi tumama, tumus tumanduk dhumateng panjenengan sedaya, dalasan kula, waradin sedaya kulawarga.
Bapa-ibu, para tamu ingkang pantes hanampi sih pakurnatan, kula ingkng pinangka sulih sarira, hamakili atur panjenenganipun bapa Kresna Wardaya, kinen hangaturaken wigatosing perlu. Namung, hambok bilih, atur kula mangke , pinanggih sepen ing semu, sepa ing rasa, sepi tanpa sari, malah kapara nglelingsemi, mugi diagung ing pangaksami.
Bapa-ibu, ingkang sepisan, kula ngambali atur, ngaturaken pambagya wilujeng, awit keparengipun rawuh bapa-ibu para tamu sedaya, mugi kasekecakna, anggen panjenengan lelenggahan, kanthi sumelehing rasa, mardikaning panggalih.
Ingkang urut kalih, kula ngaturaken agenging panuwun, bapa-ibu, sampun kepareng rawuh, paring donga pangestu, dhumateng anak kula panganten kekalih, nenggih Rara Ayu Siti Sundari, putri siwi bapa Kresna Wardaya, kaliyan Bagus Abimanyu putra jalu bapa Harjunadi, ingkang lenggah ing kampung Nglarang, Desa Basin, Kecamatan Kebonarum.
Dene ijab qabul, sampun kalampahan kanthi wilujeng tanpa pambeng, rikala dinten Sabtu Wage, surya kaping 17 Mei 2025, mapan wonten ing Kantor Urusan Agama, Kecamatan Kebonarum. Malah kapara putra panganten sarimbit, sampun nampi partisara kekancinging palakrama, pinangka tandha yekti, sampun sah, menggah wewarah agami, punapa dene pranataning nagari.
Ingkang salajengipun, nyuwun donga pangestu, mugi putra panganten kekalih, anggenipun nyatangi bahitaning kulawarga, njejegaken adeging bale wisma, tansah kukuh ,bakuh, santosa, manggih gesang, ingkang bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah.
Dene ingkang urut tiga, bapa Kresna Wardaya, ngaturaken panuwun dhumateng sanak-kadang, mitra rowang, tangga tepalih, lan para kadang mudha-mudhi, wiranem, tuwin sedaya bapa-ibu, para panawung kridha, ingkang boten saged kula sebataken satunggal mbaka satunggal, ingkang sampun kepareng paring sabiyantu, ingkang awujud bahu suku, panggalih iguh pratikel lan sanes-sanesipun.
Mugi sih kadarman pnjenengan, pikantuk leliru ingkang satraju , saking Gusti Ingkang Maha Hayu.
Ingkang pungkasan, bapa Kresna Wardaya nglenggana, anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya, wiwit ngaturi palenggahan, punapa dene pasugatan, ingkang kirang damel renaning panggalih panjenengan, najanta tebih sampun karancang, dangu sampun karonce parandene taksih kathah kirang lan cingkrangipun, kanthi punika nyuwun agunging samudra pangaksami.
Para pinisepuh, sesepuh, ingkang pantes sinesep sarining kawruh, bapa-ibu para tamu ingkang hamanggih suka rahayu, makaten lan semanten atur kula, pinangka sulih raga bapa Kresna Wardaya, kula ,ugi nglenggana, kathah tutur ingkang kalantur, basa ingkang singlar saking parama sastra, mugi diagung ing pangaksama. Wanci kula konduraken wangsul dhumateng kadang pangendhali wara, nuwun. Wassalamu'alaikum Wr Wb.
0 Response to "tulodho, Atur pangubagyo manten"
Posting Komentar