TEKS PRANATACARA PANGGIH PENGANTIN
Teks Pranatacara Panggih Pengantin
Alhamdulillah, akhirnya saya dapat mem-posting Contoh Teks
Pranatacara Acara Resepsi Panggih Temanten, dengan maksud awal
memberikan pemahaman bagi “yang merasa membutuhkan”, khususnya para
pemula. Atau setidaknya saya bisa ‘ngleksanani’ tanggungjawab saya
selaku orang Jawa untuk nguru-uri kabudayan Jawa. Senang rasanya…!!
Perlu saya sampaikan, bahwa dari sekian ribu orang yang sering
‘ngayahi’ tugas sebagai pranatacara, terdapat berbagai kemungkinan
adanya kesamaan atau perbedaan terhadap kecenderungan penggunaan
‘dasanama’ dalam berbahasa Jawa. Sehingga sangat mungkin terjadi contoh
teks yang saya tulis ini ada kemiripan baik susunan bahasa atau yang
lainnya dengan ‘kecenderungan dan kebisaaan’ dari para pranatacara (yang
tentunya berdasarkan pengetahuan dan pemahaman atas Bahasa Jawa
tercinta). Namun mungkin juga para pembaca memiliki kecenderungan lain,
sehingga susunan kalimat dalam contoh ini kurang sesuai diterapkan dalam
diri pembaca. Ini berarti bahwa contoh yang saya tulis ini masih sangat
memungkinkan untuk diubah sesuai dengan kecenderungan dan keinginan
para pembaca.
Berikut ini saya contohkan sebuah teks yang ‘dapat’ diucapkan dan
diungkapkan pranatacara. Saya umpamakan upacara panggih yang akan
dilaksanakan adalah :
1. Acara ijab qobul telah dilaksanakan beberapa waktu / hari sebelum upacara panggih;
2. Acara diselenggarakan dengan nuansa Islami
3. Garis besar acara yang dikehendaki pemilik acara (orang tua pengantin) adalah sebagai berikut :
· Karena pelaksanaan ijab qobul telah berlalu, maka
mempelai langsung duduk dipelaminan dengan diawali upacara adat ‘tebus
kembar mayang’ dan ‘sungkeman’.
· Ada pembacaan ayat suci Al-Qur’an.
· Ada atur pambagyaharja;
· Ada pasrah panampi dari kedua belah pihak;
· Ada sabdatama
· Hidangan tamu hanya dua jenis yang disampaikan kepada tamu dalam dua tahap, yaitu minum dan snack, dan makan (nasi).
· Dalam acara panggih, terhadap hiburan/kesenian.
Dari kehendak tuan rumah tersebut, maka tersusunlah reroncening adicara sebagai berikut :
1. Pambuka, yang diawali dengan upacara adat secukupnya
2. Pembacaan ayat suci Al-Qur’an
3. Atur Pambagyaharja
4. Pasrah-Panampi
5. Sabdatama
6. Panutup
Juga perlu dicatat oleh para pembaca yang kebetulah membaca posting
saya ini. Saya menyadari sepenuhnya bahwa setiap manusia memiliki
sesuatu yang tidak tak terbatas, termasuk saya. Maka apabila pembaca
menemukan hal yang kurang tepat dalam posting ini, demi pengembangan
diri saya dan demi lestarinya Budaya Jawa mohon beri ‘panyaruwe’ dan
arahan pada saya melalui komentar di bagian bawah posting ini.
Baik, bila para pembaca yang (maaf) belum tetapi ingin memahami
bagaimana menjadi pranatacara upacara panggih pengantin, bisa Anda
gunakan contoh teks pranatacara di bawah ini :
===========
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbil’aalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana
lihaadzaa, wamaa kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu
anlaailaaha illallahu wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna
Muhammadan ‘abduhuu warasuuluhu laa nabiyya ba’dah.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh
ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes
pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang
hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih
brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya
labet praja ingkang mahambeg luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab
suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu
luhuring budi.
Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung
sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta
sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang
kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka pinangka jejering
pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang
sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala
kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika,
nun inggih panjenenganipun Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar
cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang
hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing
gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi
kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana
tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala
binukaning tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri
kalenggahan menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya
mawantu-wantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana
putri anggenipun Bapa A sekaliyanhanetepi dharmaning sepuh hangrakit
sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing
suka basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab
qabul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu ………………. Putra putrinipun
Bapa A, ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra kakungipun Bapa B
ingkang lenggah wonten ing …….. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinteng ……. wanci tabuh….. mapan ing ……………… (KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata
adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para
kulawangsa nun inggih :
· Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana
busana, kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang
badhe kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing
kukuban Pedukuhan Sanga, Karang ing mriki.
· Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet
Waosan Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul
Karim.
· Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten
badhe kaleksanan minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
· Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti
pasrah saha panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang
piniji.
· Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama,
ingkang samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun
Bapa “H” mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
· Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja
ing mangke hambok bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha
saking kulawarga minangka paran para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten
menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri
kalenggahan punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning
panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning
panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning
pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata
upacara ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit
anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja
temanten kekalih badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya
lenggah wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit
saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu X ingkang sampun
samekta ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para –
para ingkang piniji.
Jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana binarung ungeling
gendhing ingkang jumbuh kaliyan suasana sowaning pinanganten. Nuwun
sumangga.
===========
Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna
lampahing tata upacara sowaning risang penanganten, katitik putra
kekalih sampun lenggah jajar kanthi kawistara suka rena kaampingi
kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana rinengga. Suasana menika
mracihnani bilih laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung murih
lampahing adicara ing titi wanci menika wiwit purwa, madya dumugi
wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala,
eba saenipun ing ri kalenggahan punika kita tansah dhedhepe wonten
Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukkaken pandonga.
Ingkeng menika, sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan nyeyuwun
wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmallah, kula
dherekaken. ….Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah,
ingkang badhe kasarirani denening sedherek …………………… Anamung keparenga
sak derengipun, kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng
hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam
Ilahi minangka pandam saha pandom tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu
munggel pangandikan sawetawis. Sak dereng lan sak sampunipun kaaturaken
agunging panuwun. Para lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang
angka kalih nun inggih Waosan Kalam Ilahi kasumanggaaken dhumateng
sedherek ……………. Sumangga.
===========
Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming
manah kula lan panjenengan sedaya, sahengga hanambah ayom lan ayeming
suwasana prahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi
laksana adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking
panjenenganipun Bapa A sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit
keparengipun Bapa A sekaliyan, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng
sulih sariranipun, nun inggih Bapa “D”. Dhumateng Bapa “D” kula
sumanggaaken, saha mugi kepareng Bapa A sekalian kasuwun lengser
sawetawis saking palenggahan, saperlu jumeneng hanjjajari Bapa “D”.
Sumangga.
===========
Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja saking Bapa A sekaliyan
ingkang lumantar Bapa “D”. Ingkang menika, minangkani kepareng saha
panuwunipun Bapa A sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg
sawetawis. Tumunten para putra badhe sowan hangaturaken boja krami katur
dhumateng sagung para lenggah. Awit saking menika, kasuwun dhumateng
para tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kaaturan unjukan sarta
lampiran, kasuwun tumunten hanyekecaaken ngunjuk saha ndhahar kanthi
merdu merdikaning penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge ngregengaken suasana
sarta pinangka sarana panglaras para lenggah anggenipun ngunjuk sarta
dhahar, badhe kaaturaken pasugatan hiburan saking keluarga ageng
Paguyuban Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Wondene
lampahing wekdal sumene sawetawis kaaturaken dhumateng Bapa Wiji
Naryana saha Bapa Sudarsa minangka pangesuhing Paguyuban Rebana Kembang
Setaman.
Dhumateng para lenggah, kaaturaken sugeng midhangetaken, sugeng nglaras sinambi imbal wacana. Sumangga.
===========
Sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinuba ing
pakurmatan. Nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, keparenga wekdal
sumene kula suwun kinarya hanglajengaken lampahing adicara.
Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun
paringipun tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa B sekaliyan ingkang
badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging
pangandika Bapa B sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bapa “C” kula
sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan garwa angampingi
jumenengipun Bapa “C” sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.
===========
Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa “C” minangka
talanging basa Bapa B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp “E”
minangka sulih sarira panjenenganipun Bp A sekaliyan. Ing wasana wekdal
kasumanggakaken.
===========
Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap
adicara ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan
kaparingaken dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng
para lenggah. Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng
panjenenganipun Bapa “H”. Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken.
Sumangga.
===========
Awit namining sedaya keluarga, ngaturaken agunging panuwun
dhumateng Bapa “H” ingkang sampun paring sabdatama dhumateng rising
pinanganten sarimbit. Ing pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha
dening putra pinanganten, sehengga putra kekalih anggennya gesang
bebrayan tansaha manggih bagya mulya samenika dumugi sak lami-laminipun.
Amin.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan.
Purnaning adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan
kasumeneaken sawetawis, kinarya kangge paring wekdal dhumateng para
putra ingkang badhe hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para
lenggah.
Wekdal sumene menika badhe kula aturaken dhumateng Bapa Wiji
Naryana saha Bapa Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling
lelagon saking Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha
dhahar sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban Kembang
Setaman. Sumangga.
===========
Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh
kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan
kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda
nir ing sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha paripurnaning
adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji
syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit sedaya
kamirahanipun sampun paring rahmat sahengga pahargyan prasaja menika
tansah winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.
Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X saha para ingkang
piniji, keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu
kekalihipun tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken
konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi
mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika sampun
paripurna, sinartan sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya
ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang
Gleyong laras pelog pathet nem.
Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika,
lumantar pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa A sekaliyan
ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah
rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang
kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh, mawantu-wantu
ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Semanten ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten
gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing
reh tata krama, jenang sela wader pari sesonderan, apuranta menawi lepat
atur kawula.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
sumber : https://sofiun.wordpress.com/
0 Response to "TEKS PRANATACARA PANGGIH PENGANTIN"
Posting Komentar