tausiah umroh ky Ahmad marzuki
Atur pamit
bismillahirrahmanirrahim. Asalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. . para pinisepuh sesepuh aji sepuh ingkang satuhu kinurmatan.
para Bapak para ibu hadirin hadirat rahimakumullah. Nyuwun pangapunten kepareng kawula semula atur , mbok bilih anggen kawula matural sak mangkih kathah kalepatanipun, kathah tumpang suh ipun atur, estu kawula tansah nyuwun pangapunten.
pinangko purwakaning atur, sumonggo kita sareng-sareng, ngambali unjukaken raos puj-puji syukur kita dumateng Allah subhanahu wa taala, awit paringipun pinten-pinten kenikmatan taufik hidayah, inayah ,nikmat iman Islam, nikmat sehat, sareng-sareng saget sareng-sareng rawuh wontening majelis puniko. Mugi-mugi kanti rawuh panjenengan sedaya estu kalebetaken setunggalipun ibadah ingkang dipun terima wonten dalem Allah subhanahu wa taala. Amin. Allahum min.
Selawat ,salam, sumonggo kita kunjuaken dumateng junjungan kita Nabi Agung rasulillah Muhammad sallallahu alaihi wasallami. Allahumma sholli ala sayyidina Muhammad. Mugi-mugi kulo panjenengan sedoyo kalebetaken umatipun, ingkang angsal syafaatipun, awit duno antos dumugi yaumul akhir. Amin. Allahum amin.
Dumateng para Bapak Ibu hadirin rahimakumullah. Wonten ing dalu menika kawula kapiji amakili saking keluargo kulo, ingkang badhe tindak umroh.
atur ingkang sepisan, ngaturaken agunging matur nuwun dhumateng para Bapak Ibu, hadirin rahimakumullah , sampun kepareng rawuh, hadir wonten ing majelis punika. Mbok bilih anggenipun nanggapi panjenengan sedaya, anglengghaken kirang ngresepaken penggalih panjenengan sami. Estu saking sedaya keluargo, tansah nyuwun agunging samudra pangaksama.
Atur ingkang kaping kalih, kerawuhan panjenengan sami , dipun suwun tambahipun dunga pangestu , saha dongakipun. Mugi-mugi dateng sedaya jemah ingkang badhe ngelaksanaken ibadah wonten ing tanah suci Mekah MukarRomah lan ugi Madinatul Munawarah. Estu, awit barokah pandunga panjenengan sedoyo, tansah pinaringan kawulijengan, kelancaran kaparingan, kesehatan. ugi selami wonten in tanah suci saged ngelaksanaken ibadah kanti istikomah, saget ngelaksanaken syarat ,rukun-rukunipun umroh , wajib menapo sunah-sunahipun. saklajenigpun kunduripun ugi tansah pinaringan wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa, kanti sedaya pangibadahipun dipun terima wonten rasul dalem Allah subhanahu wa taala, dados umrah ingkang mabruroh utawi mabrur. amin allahuma amin. saged ngurakapi, saget migunani dateng piambakipun soho masyarakat ugi wonten keluarganipun. Amin. Allahuma amin.
Dumateng para bapak ibu hadirin hadir rahimakumullah. kulo ngaturaken agunging matur nuwun ingkang tanpo pepindan dateng para bapak ibu ingkang sampun kepareng-paring pambyantu ingkang arupi menapa kemawon tenaga, wekdal, pikiranipun kagem ngleksanaken acara ing siang puniko.
saking sedaya keluarga, namun saged ngaturaken matur nuwun, Mugi-mugi kesenan keikhlasan panjenengan sedo pikantuk lelintu ganjaran saking dalem Allah subhanahu wa taala. Amin. Allahum amin.
Sepindah malih, jemaah meniko sampun siap nglaksanaken panggilianipun Allah, kanti ibadah wonten ing tanah suci Mekah Madinatul Munawarah. sepindah malih saking sedaya jemah, nyuwun pandungipun , soho nyuwun pangapunten kanti lahir batin, dumateng para bapak ibu, mbok bilih sesami selami sesrawungan menika wonten kalepatanipun ingkang dipun sengaja, menapa mboten, mugi-mugi panjenengan sedaya ingkang rawuh wonten ing papan meniko estu keparengparing pangapunten dateng sedaya jmaah menika
amin matur nuwun sanget Dumateng para Bapak Ibu hadirin hadir rahimakumullah. Mbok bilih mekaten kawula matur pinangko talang ngatur saking sedo panitia penyelenggarapengaosan wonten ing saat dalu punika. Ing sakjengipun sakipun adicara kita
tutup sumonggo kita sareng-sareng nyuwun dumateng Allah dateng para jemah sedayo
kita maos talbiah. Mugi-mugi kanti wosen talbiah sakangke kulo panjenengan sed saged dipun remeni Allah. ibadah wonten tanah suci Mekah lan ugi madinatul munawarah rinangkung dateng para bapak ibu ingkang mbok bilih dereng ngadahi kentrek krentek mugi-mugi awit kulo panjenengan sedo maas talbiah sakangkeipun Allah manggil dumateng panjenengan sedoyo sebab tanpa panggilanipun Allah tanpa kasih sayangipun Allah kulo panjenengan sed saged ngeksanaken ibadah wonten ing tanah suci mekah al mukaromah lan uguki madinatul munawarah dateng Para Bapak Ibu sedayo sumonggo kita sareng-sareng maos talbiah kanti kita dkaken sareng-sareng ngwon. Bismillahirrahmanirrahim. Labaik allahumma labbaik. Labaika la syarika laka labbaik. Innal hamda wikmata laka wal mulk la syarikalak. Labbaik allahumma labbaik. Labaika la syarika laka labbaik. Innal hamda wikmata laka wal mulk la syarika lak. Labaik allahumma labbaik. Labbaika la
syarika laka labbaik. inakaularikak
Allahumma sholli ala sayyidina Muhammad waa ali sayyidina Muhammad inna nas'aluka ridaka wal jannah wa nazubika min syaqatika rbana atina fid dunya hasanah wafil akhir
Ya ajar yaalaminant kathah kalunten kalam. Wasalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Kaw maturun.
TAUSIAH
Asalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Waalaikumsalam warahmatullahi
wabarakatuh. Alhamdulillah wasyukrulillah wasalatu wassalamu ala rasulillah. Amma ba'ad
hadratal muhtaramin. Para Bapak Kiai, Bapak Lurah, Bapak Dukuh, Ibu Dukuh
Gus Ilham, Gus Mustain, Gus Pardi, Gus Lokman,
Gus Kulo Piambak kok ora disebut.
Para Bapak Ibu calon tamunipun Allah soha tamunipun Rasulullah. Hadirin hadirat rahimakumullah. Alhamdulillah sedaya puji pengalembon estu namung kagungan dalem Allah lan awit rahmat saha nikmatipun dalu meniko kulo panjenengan sami waget pepanggihan kanti sehat walafiat. Amin.
Selawat salam kagem junjungan kita kekasih kita Nabi Agung Muhammad sallallahu alaihi wasallam lumeberipun dumateng para garwo putra sahabat lan mugi estu lumebero dateng kulo lan panjenengan sami. Para rawuh ingkang kulo hormati. Nyuwun ngapunten kulo lingguh ning dhuwur supados sing adoh weruh wong bagus. Amin.
Para Bapak, para Ibu ingkang kulo hormati. Mboten wonten tindakan seagung tindak
wonten ing Baitullahil Haram. Mboten wonten ziarah seagung ziarah dateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad sallallahu alaihi wasallam. mboten wonten semulya dibanding wong-wong kang sami badhe sowan dalemipun Allah saha sowan junjungan kita Nabi Agung Muhammad sallallahu alaihi wasallam. Milo sakengipun kulo matur kathah niki kesempatan emas tumrape kulo panjenengan sami ingkang dereng tindak umroh utawi haji. Monggo sareng-sareng titip salam kalih kulo titip salam dateng para bapak ibu calon tamune Gusti Allah lan tamune Kanjeng Nabi purun. Nggih. Nggih. Ben le selawat awake dkeh estu dibalas
dening Kanjeng Rasul sallallahu alaihi wasallam. Nirok kulo nggih. Nggih.
Matur datang Bapak Ibu calon umroh. Matur datang Bapak Ibu calon umroh. Niroke lirih ngono lho. Mbok yo sing seruh. Matur Bapak Ibu Matur Bapak Ibu ingkang badhe ziarah umrah [Tepuk tangan] umro kulo titip salam Kulo titip salam kagem Kanjeng Nabi Muhammad sallallahu alaihi wasallam kanti atur assalamualaika ya Nabi Nabi Allah.
Asalamualaika ya Rasulullah. Asalamualaika ya habiballah.
Ngoten nggih Pak. Nggih. Ibu-ibu nggih. Ya mangkeh le matur kanjeng nabi diborong mawon. Nek mboko siji mangke Kanjeng Nabi kulo dititipi salam sederek-sederek nalikane kulo pamit umroh wonten ing Pucung niko tanggal 14 Agustus ra usah disebut kesuen
salam kagem panjenengan saking para umat Islam ingkang sami rawuh hormat
walimatus safar lil umroh ngoten mawon nggih nggih Nek mangkeh berangkate malam
18 tekan Surabayo nginep neng hotel. Walah mulyo tenan hotel. Terus esuke mabur datang jedah Malaysia terus jedah kirang langkung yo 12 jam. Ra iso ngisu. Masyaallah. Masyaallah. Insyaallah mangke dumugi jedah dinten seloso. Seloso sore magrib tekane jam 12 bengi. Jam 12 bengi dugi Madinah. Kulo aturi jjenengan langsung sakampunipun wis
tompo koper, tompo kunci, gek ndang wudu, gek sowan wonten ing Masjid Madinah. Bar salat langsung jenengan sowan Kanjeng Nabi Muhammad sallallahu alaihi wasallam. Wingi carane dalane pun kulo aturke
kalih Rohmadi. Pokoke sing kakung mangke begitu sampai wonten ing Madinah secepate terus salat tahiyatul masjid terus sowan baginda Rasulullah sallallahu alaihi wasallam berarti
ngaturke salame awake dewe. Allahuma amin. Niki pesen kulo dateng para Bapak Ibu calon tamune Allah soha tamune Kanjeng Nabi. Mekah Madinah niku tanah sing paling suci, paling agung, paling sakral, paling wingit, paling angker. Milo niki wekas kulo Mekah Madinah ojo dilokke estu ampun diloke. Wah panase ampun. Wah adohe ampun. Wah daharane ra cocok ampun. Niku kabeh suguhaning Gusti ojo pisan dilokke. Ngelokke daharan ra enak mangke tekan ngomah ora tau madang. Ning nek ra dilokke insyaallah sedayane wenak lan enak. kondur tekan pucung mesti tambah lemu. Allahuma amin. Amin. Paling suci, paling sakral, paling wingit. Milo saking arah meniko wiwit sak meniko jjenengan kudu noto ati yang seikhlas mungkin. Ora ono lio gejawi namung pados ridane Allah subhanahu wa taala. Pados syafaatipun Kanjeng Nabi Muhammad sallallahu alaihi wasallam. Ikhlas niku ora mongkok nalikane dialem ora nesu lamun dicacat. Alah kae kur gayale umroh kae. Meneng
mawon ra usah ringut r usah nesu. Sing biji iki Gusti Allah. Lerus nggih. Nggih. Ampun nesu nek dicacat ampun bangga banget nalikane di alem niku sing jenengane ikhlas.
Siji ampun dilokke estu mbuh Mekah mbuh Madinah ojo dilokke sing nomor pindo ngih nomor pindo kranten tanah suci jenengan nembe nyuwun ngapunten agi dijegurke paribasan ning kawah candra dimokone Gusti Allah sing luar biasa jenengan tekan Mekah putawi tekan Madinah jasad Jenengan pun mboten sembarang jasad. Nafas jenengan mboten sembarang nafas. Ucapan jenengan mboten sembarang ucapan. Milo saking arah meniko jjenengan nembe nedeng-nedenge ning tanah sucine Gusti Allah soha tanah sucine Kanjeng Nabi.
Omongan sing ora penting kudu di tinggalke. Milo mangke biasane nggih biasane jemah nopo malih jemah saking mriki kepetuk jemah saking daerah sanes gek kepetuk ning Masjidil Haram. Jenengan saking pundi? Saking pundi? akhire ngenteni songko magrib tekan ngisak eneng kur ngobrol estu lho niku di jenengan kudu waspada kudu nepi tenan meteng tenan insyaallah insyaallah kondur jenengan dados umrahipun umrah makbulah allahuma am amin ya rabbal alaminah madinah paling wingit angker kulo mboten meden-medeni nggih tegese jenengan kudu saestu y fiilhadin bidulminu minabin alim. Gusti Allah dawuh sopo wonge neng Mekah kok wani-wani duwe krentek elek?
Duwe krentek elek nek ten Mekah niku ora kepareng pokoke kudu di los. Ojo duwe rasa krentek elik mboten kepareng. Nek ten riki janji ung nindakake tumindak sing dikrenteki elik urung opo-opo orao. Nek mriko lagi duwe krentek langsung Gusti Allah nudikhu minabin alim. Paling angker mboten meden-medeni lho niki nggih. Paling angker bapak niku tau
ilang wong kondang ning nyatane tau ilang tenik rak dereng nate mireng
jenengan. tahun 75 Bapak Simbok Haji kalih Mbah Abu Wonosari tiang gangsal ngoten
tawaf rampung ping pitu sang nembe ping pindo Safa Marwah ngoten niku bali neng
Safa Bapak ilang estuang gek kang mongko duite sing gawao bapak Pak lah simbokne k mewek nangis karo nangis lah iki wong kene ngendi didereki sing manasik niku gek wonge malah ilang telung dino oleh ilang niku telung dino masyaallah lah gek simbok yo ngene ko nangis nangis lah duwite ora ngowo kamu kok haji 40 dino gek neng endi menuske niku nek kulo mboten anake rawat niku mesti estu bareng telung dino goleki malih nggek le ilang ra weruh ra eneng jebul ngerti-ngerti bapak ngerti nek digoleki bapak neblek kancane mbah abu diteplek ngoten niku langsung weruh wah lh iki wonge terus gawo mulih neng hotel takoni karo simbok karo kancane Pak lah jenengan ki neng ngendi telung dino kuwi jarene jawab aku ketemu konco lawas jenenge Syekh Yusuf kancaku nalikane haji tahun 27 ketemu meneh lah terus ning endi aku digendong mubeng duno mubeng duno diduduhke
[Musik] diduduhke marmer calon dinggo Masjidil Haram enten tambang marmer sak duno nikuung namung setunggal nggih niku diduduhke tambang marmer engko are dinggo Masjidil Haram lah kui neng endi Pak kasunyatan marmer niku mapane E wonten ing negeri Cnyang Rusia dadi telung din kui mayang tekan mriko.
Lah sopo Pak? Syekh Yusuf kui Syekh Yusuf kuwi raja jin Mekah.
Masyaallah. Mulo Bapak kenalane pongso jin-jin ngoten niku nggih sakukur. Nek
kur jenine wis mesti kur keok.
Masyaallah niku 3 hari diubengke duno tekan citnya utawi wonten ing ru
nalikane 80 si haji malih kulo nggih haji bareng nembe mangan-mangan awan ngoten kalih Pak Azari Pak Habib sedoyo keluargo Bapak simbok takoni pak jenengan kok ora ilang kulo ngoten niku Jawabe no l tok tunggoni ngoten berarti Pak Syekh Yusuf kalah karo Pak Ahmad
niki mboten meden-meden jenengan ning nggih ngatos-atos mawon nggih melo sing jenenge Mekah estu ampun di ampun dibatin elek enenge namung sae lan sae shallo ala Nabi uhammad kanjeng nabi Nabi Muhammad ono ing Mekah Isnin 12 Maulud tahun kecahune tahun kecune Siti Aminah Rahman Sayid Abdullah Siti Khadijah Siti Aisyah
karon Siti Aisah Siti Hafsah Siti Saud Siti Rahmad Siti Maimunahun Zainab Siti Siah
Siti Cuaih Sitiullah salamullah rasulillah shatullah salamullah ala yasin
Mekah tempat yang paling agung ngibadah wonten ing Mekah khususe malih teng Masjidil Haram. ngibadah nopo mawon ditikelke R.000. Masyaallah sak lentune ditikelke 100.000 Allah kagungan rahmat 120 rahmat khusus untuk Masjidil Haram. Sing suidak khusus wong sing do tawaf. Suidak rahmat nggo wong sing tawaf. Sing 40 wong sing do zikir, sing doco
Quran, moco selawat lan samukawisipun sing 20 tumrape wong sing gelem nguaske
ndeleng Ka'bah daleme Gusti Allah. Mulo nek ra tawaf yo zikir ra zikir. Pokoke
mripate nggo nguaske daleme Gusti Allah.
ningali Gusti Allah mpat dadi awas sing doc sesuk mulih blas nganggo koco. Allahum am
amin. Awet mripate. Masyaallah. Milo aji mumpung kedah jenengan ugemitenan. Mumpung neng Mekah ngibadah ditikelke R.000 Niki pesen kulo dateng panjenengan sami ojo nganti berapa hari niki musi? 12 12 hari ojo nganti hari lewat tanpo ngetokke sodqoh nggih sodqoh dateng kathah mangke wong nyapu wong noto Quran Masjidil Haram Masjid Nabawi pokoke
jenengan mangeh-ngukeehke sodqoh milo kanthi ngokeh-ngokehke sodqoh cocok kalian kulo nuwun ning daleme ning tanah sucine Gusti Allah utao cocok sowan daleme Kanjeng Nabi Muhammad sallallahu alaihi wasallam. Le kulo nuwun nggih niki Bapak-bapak, Ibu sing
arep mlebu Mekah. Kulo nuwun le. Kulo nuwun ora kok kulo nuwun. Mboten mangke
dipimpin kalian pimpinan klotter utawi pimpinan jemah niki ngeten niki dongane
kulo nuwune. Allahumma monggo siki
Allahuma. Hadza haromuka wa amnuka faarrim lahmi wa dami wa sya'ri wa adomi minanar.
Allahumma ja'alni min auliyaika wa ahli thaatika. Artine ngeten, "Ya Allah meniko tanah
haram panjenengan Mekah meniko tanah haram jenengan ya Allah tanah aman jenengan mugi kersa jenengan ngaramaken
kulo wiwit rambut tekan delaman diharamke mlebu neroko. Allahuma amin. Mangjerit estu mang haramke wiwit rikmo kulo tekan mangharamke sako neroko. Ya Allah nomor loro, Ya Allah kulo nyuwun jenengan dadosaken kulo meniko dadi kekasih, dadi wali panjenengan kondur dadi wali. Allahuma amin. Wa ahliika lan ahli ngibadah. Ahli ngibadah niku ra usah diobo wis mangkat. Contohone sesuk kondur umroh ra usah ngenteni azan zuhur wis mangkat. Ngoten lho. Nek sing rung tun mbok meroh mbok ya wis ben kesel disik le
engkoki mangkan. Nek sing ahli taat niku ra usah ngenteni diadani wis ahli taat
niku jenenge. Masyaallah. Mugi-mugi panjenengan dados tiang ingkang sae lan sae. Allahuma amin.
Amin. Gusti Allah badhe nyuguh panjenengan
sami Pak. manggih langsung mlebu tanah haram disuguh siji mangke disuguh rupo berlian saking suargo rupane hajar as berlian saking suargo nek demok mriko adoh songko kadohan diawe Allahu akbar terus dicucup langsung pindah tentangan jenengan masyaallah ning kidul kulon ono akik cacahe Itu jenenge rukun Yamani. Kanjeng Nabi dawuh sopo demok ngusap akik-akik neng rukun Yamani mongko dosane gogrok. Masyaallah. Nek akik jenengan ki lah mbok jenengan mut bakalur niki demok mawon mangke nyempatke estu saget niki mang
nyempatke ten sisih pojok kidul kulon ka'bah niki enten nggih pondasi niku ono akek semen demok pun dosane dinga masyaallah terus disuguh malih disukuh malih Rupa unjukan zam zam. Banyu zamzam niku tuke songko suargo adenik duwur metune su ngisor Ka'bah.
Masyaallah. Dongane nggih dongane niku ya Allah kanti ngunjuk zam-zam kulo nyuwun pinaringan ngilmu sing manfaat. Nomor loro kulo nyuwun sugih. Masyaallah. Ra ono ceritane wong milih kaji apa mulih umrah kok bangkrut mesti tambah sugih.
Kang Sarman saiki mobilmu opo man?
Pajero irung. Masyaallah masyaallah mesti tambah sugih. Allahuma ngombe zamzam.
Mas wasan minin wasin kanti ngundukunjuk zamzam dadi sehat waras saking sedayaning penyakit. Allahum multahabu disunatke anasra alam ma zamzam disunatke ngunjuk zamzam bitadoluin nganti warek nggih nganti warek. Masyaallah sunat hukume niki suguhaning
Gusti Allah. Wonten siiran ngendikake koirul miahi maunqod naba min baini asobiin nabiyil mubtaba. Apik-apike banyu sak jagad niki banyu sing metu songko celah-celah jarine Kanjeng Nabi. Awake dewe rauman niki kur kari cerito mboten nopo-nopo niku peringkat pertama wayalihi zamzamu. Terus peringkat kedua banyu zamzam. Wayalihil kautsaru. Nomor telu banyu tlogo kautsar. Nomor Pany pucung mul ajeng komombe. Bismillahirrahmanirrahim. shli wasallim
Madinah. Nggih. Madinah. Estu jenengan bad sowan Kanjeng Nabi.
Insyaallah pinanggih. Insyaallah pinanggih. Mangraoske kanjeng nabi niku ten hati jenengan. Ashadu alla ilaha wa ashadu anna masyaallah. Allahumma sholli ala sayyidina Muhammad. Hati di hati kita kanjeng Nabi. Masyaallah. Nopo mangke jenengan salat ning Madinah ashadu alla ilah ashadu anna Muhammad. Jenengan kanjeng nabi ning ngjeng jenengan masyaallah mesti khusyuk. Allahumma sholli ala sayyidina Muhammad geken ngarep jenengan. Masyaallah luar biasa niku Kanjeng Nabi Jenengan mangkeh ten Madinah Ardi suguh Kanjeng Nabi sing jenenge Raudoh taman suar taman suargo estu setengah sasi kapengker kulo mlebu suargo siki nembe metu niki nggih kulo nembe mantuk saking umrah masyaallah kaya ngopo rasane mlebu taman suargo. sing jenenge rasa ora iso diwakili koy ngopo nggih mangkat dewe.
Halo. Sing jenenge raso ora iso diwakil.
Nek iso diwakilke kowe rabio aku melu kepenake ra iso mang tindak dewe suargo estu suargo saking nikmate ten raudoh kathah ulama ngendikake kok umpomo saat iki aku ning raudah iki didawuhi Gusti Allah wis- kowe saiki tinggalno raudoh mlebuo ning suargo nuwur kono jawabe mboten Gus Gusti kulo pilih ten mriki sebab kulo cerak karo Kanjeng Nabi. Cerak tenan jasad waruhan. Jasad jenengan rohani jenengan jan cerak tenan Kanjeng Nabi. Estu mangrasake estu jarak jasad namung paling antara Raudoh karo Kanjeng paling nggih 5 m. Masyaallah. Roh dadi siji. Masyaallah dilebokke suargane Kanjeng Nabi. Masyaallah. Mila mugi-mugi nggih kita sedoyo saget ziarah Rasul, saget ziarah baitullahil Haram. Allahuma amin. Ingkang terakhir, ingkang terakhir dongo dinungo mugi-mugi kita sedoyo
pinaringan dowo umure. Amin. Jembar rezekine. Amin. Saged ziarah Makkah Madinah kanci sae. Pinaringan ayem tentrem matine. Sehat waras lahir batose, guyup rukun pasederekane.
Nerekaken sugeng tindak Bapak Ibu mugi rahayu ingkang sami pinanggih ngantos
kondur malih. Allahuma amin ya rabbal alamin. Mekaten kirang langkung nyun
pangapunten. Asalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
DOA
Sakder derenge kulo moco dungo. Sing sok dereng moco kalimah lailahaillallah muhammadur rasulullah. Wajibno dewe awakmu pakanono kanti kalimah thyibah. Uripe awake dewe niki sedino sewengi 4 jam. Lah kalimah lailahaillallah muhammadur rasulullah
hurufe yo nek kowe moco kalimah lailahaillallah muhammadur rasulullah kok terus sido cirine wong ahli suargo nggih pun monggo dikon dewe-dewe tak baleni sedino sewengi uripe awake dwee 4 jam kalimah lailahaillallah muhammadur rasulullah Hurupe lailahaillallah 12 Muhammadur rasulullah yo leober ya opo nek awan rung moco yo bengi le moco gene kowe moco luwih ping kowe luwih mulyo nun ngapunten niki supoyo kisenan kalimah ailahaillallah manana akhiru kalamihi lailahaillallah dakhalal Jam. Alhamdulillahiabbil alamin.
Alhamdulillahiabbil alamin. Alhamdulillahiabbil alamin. Hamd yuwafi nihufi majidah. Yarabbana wakal hamdu kama yambagalika waj.
AAllāhumma ṣalli ‘alā Sayyidinā Muḥammad.
Allāh, yā Raḥmān, yā Raḥīm, yā Ghanī, yā Ḥamīd, yā Mubdi’, yā Mu’īd.
Allāhumma wa Muḥammad wa ahlī wa ahlu baytī wa jamī‘u ikhwaninā alladzīna qad qadimū liziyāratika wa khāṣṣatan ahlal bayti min wālidaynā alladzīna sayakhrujūna lil ‘umrah.
Allāhumma ighfir lahum warḥamhum wahdihim yā Arḥamar rāḥimīn.
Allāhumma yā Allāh, yā Raḥmān, yā Raḥīm.
sedoyo ingkang bade umroh meniko, panjenengan paringi sehat, jasmani rohanipun ,wiwit mangkat ngatos kondur ,jenengan dados amal saleh, ingkang panjenengan tompo, dadosaken mulyanipun dunyo lan akhirat, mugi dipun paringi putra wayah duriah ingkang saleh lan sholihah, sedoyo nek sedo min ahlil jannah, birahmatika ya arhamarahim
allahuma ya Allah, ya rahman , ya hamid ya Allah.
Ingkang dereng saget umroh, dereng haji, paringii rezeki kathah lan barokah, saged nindakaken umroh lan haji wonten mekah al mukaromah, birahmatika ya arhamarahimin.
Robana atina fid dunya hasanah wafil akhirati hasanat waqinaabanar.Ya aziz, ya gofar, ya rahman, ya rahim. walhamdulillahiabbil alamin .alfatihah
taqobbalallahu minkum minna winkum taqobbal ya karimam Asalamualaikum
warahmatullahi wabarakatuh.
0 Response to "tausiah umroh ky Ahmad marzuki"
Posting Komentar