MC halal bihalal bahasa jawa -contoh
Assalamu'alaikum wr . wb.
Bismillahirrahmanirrahim.
Sholawat soho salam, mugiyo kahatur dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang kito sedoyo tenggo pitulung syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir, lan kito sedoyo pikantuk syafaatipun. Amin.
Baca artikel detikjateng, "Contoh Teks MC Halal Bihalal Idul Fitri dalam Bahasa Jawa" selengkapnya https://www.detik.com/jateng/berita/d-6690701/contoh-teks-mc-halal-bihalal-idul-fitri-dalam-bahasa-jawa.
Download Apps Detikcom Sekarang https://apps.detik.com/detik/
Alhamdulillahi robbil 'alamin wabihinasta'inu ngala umuridunya wadin washolatuwassalamu ngala asyrofil mursalin. Sayidina wamaulana muhammadin wangala alihi washohbihi ajmangin wala khaula wala kuwata ila billahil ngaliyilngadhim ama ba'du.
Dumateng ngarsanipun poro bapak poro ibu poro sepuh pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan.
Langkung-langkung dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang tansah kito tenggo-tenggo maungidhoh khasanahipun ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah Swt.
Lan ugi dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang kito hormati ugi.
Lan ugi dumateng sedoyo kadang mudo lan mudinipun ingkang kulo tresnani.
Hadirin wal hadirot rokhimakumullah.
Wonten kesempatan ingkang sae puniko monggo
kito mboten kesupen ngunjukaken raos pujo lan puji syukur kito wonten ngarso dalem Allah SWT
ingkang tansah paring sedoyo kanikmatan-kanikmatanipun
ingkang arupi kesarasan kawilujengan taufik hidayah
soho inayahipun sahinggo kulo lan panjenengan sami
saged makempal manunggal wonten ing Halal Bi Halal
wekdal puniko kanti kawontenan sehat wal afiat. Amin ya robal ngalamin.
Hadirin wal hadirot rokhimakumullah.
Wonten ing wekdal ingkang sae puniko, kulo lan panjenengan sami nembe merayakan dinten riyoyo fitri.
dumateng Poro bapak ibu ingkang dahat kinurmatan,
kulo lan panjenengan puniko mboten lepas saking kalepatan
soho kekhilafan,
awit saking puniko wonten ing kesempatan ingkang sae puniko
kito makempal wonten ing acara Halalbihalal, majelis ingkang barokah puniko.
Lan mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahing Adicoro Halalbihalal puniko
temtu kathah kalepatan soho kekhilafan saestu kulo nyuwun agunging pangampunten.
Lan minggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah wekdal dalu puniko: (ingkang kaping)
1. Pambuko
2.Waosan kitab suci alquran
3. Sambutan Panitia
4. Ikrar
5. Panampi Ikrar
6. Istirahat
7. Hikmah Syawalan
9. Panutup
Mekaten menggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah wekdal puniko.
Poro bapak lan poro ibu, hadirin wal hadirot rokhimakumullah
1. Pramilo monggo acara wekdal dalu puniko kito bikak sesarengan kanthi waosan Umul Qur'an.,
al fatikhah... -
Kito aturaken sanget agunging panuwun dumateng poro bapak poro ibu
ingkang sampun kerso mbikak Majelis Halalbihalal dalu puniko,
mugi-mugi kanti Surotul Fatikhah kolo wau ndadosno lancaring adicoro wekdal dalu puniko.
2. Kito lajengaken adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan kitab suci alquran.
Dumateng ... wekdal soho papan kito aturaken. -
Kito aturaken agunging panuwun dumateng ...
3. Poro bapak poro ibu menggah adicoro ingkang kaping tigo inggh puniko sambutan panitia.
Dumateng ...
wekdal kulo soho papan kito aturaken.
Poro bapak poro ibu ingkan kulo hormati, menggah adicoro ingkang kaping ...
Hikmah Syawalan soho do'a panutupipun ing samangke
kito suwunaken dumateng Al Mukarom Bpk...
ananging sakderengipun wekdal kito aturaken,
mbok bilih anggen kulo nderekaken acoro demi acoro
temtu katah kalepatan soho kekhilafan
saestu kulo kanti handaping manah nyuwun agunging pangampunten.
Saking kulo, kulo pungkasi Wabilahi taufiq wal hidayah. Wassalamu'alaikum wr. wb
0 Response to "MC halal bihalal bahasa jawa -contoh"
Posting Komentar