KHUTBAH HALAL BIHALAL BAHASA JAWA
KHUTBAH BAHASA JAWA HALAL BIHALAL
اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَڪَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى بَعَثَ اِلَيْنَا رَسُوْلًا هَادِيًا اِلٰى دِيْنِهِ الْقَوِيْمِ. وَجَاهَدَ حَقَّ جِهَادِهٖ إِبْتِغَآءَ مَرْضَاةِالرَّبِّ الرَّحِيْمِ. اَشْهَدُ اَنْ لَّااِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهٗ لَاشَرِيْكَ لَهٗ. شَهَادَةً تُنْجِيْ قَائِلَهَا مِنْ عَذَابِ النَّارِالْجَحِيْمِ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهٗ وَرَسُوْلُهٗ الَّذِيْ هَدَانَا اِلَى الطَّرِيْقِ الْمُسْتَقِيْمِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الْكَرِيْمِ. وَعَلٰى اٰلِهٖ وَاَصْحَابِهٖ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانِ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَمَّا بَعْدُ : مَعَاشِرَالْمُسْلِمِيْنَ وَزُمْرَةَالْمُؤْمِنِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّاىَ بِتَقْوَى اللهِ. اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهٖ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadlirin Jama’ah jum’ah rahimakumullaah !
Lewat mimbar agung menika kawula berwashiyat dumateng panjenengan sami, ugi dumateng diri pribadi kulo piyambak. Sumangga mumpung taksih dipun paringi kesehatan, kekiyatan lan kesempatan kita tansah budidaya amrih soyo ningkatipun anggen kita taqwa dumateng Allah swt.kanthi nindak-aken sedaya perintahipun lan nebihi sedaya awisanipun, ingkang supados gesang kita saget wilujeng bahagia wiwit saking donya ngantos dumugi akhirat mangke, amin.
Hadlirin Jama’ah jum’ah rahimakumullah !
Jum’at menika kita taksih wonten ing wulan syawwal artosipun wulan peningkatan. Milo ingkang penting sak sampunipun kita ngelampahi ibadah shiyam lan dipun terusaken kalian halal bihalal, saling halal menghalalkan, saling maaf memaafkan inggih punika kita kerso ningkataken anggen ibadah dumateng Allah swt.semangat beribadah wonten ing wulan Ramadlon sangat perlu kita terusaken kagem ngathah-ngathahaken sangu kagem sowan wonten ngarsanipun Allah swt.
Hadlirin Jama’ah jum’ah rahimakumullaah !
Perlu kaaturaken bilih halal bihalal menika boten namung wonten ing wulan syawal kemawon, ananging ingkang lankung sae inggih punika lumampah terus menerus sepanjang masa ingkang supados pasederek-an antawisipun setunggal lan setunggalipun saget lumampah kanthi harmonis lan ngremenaken. Sifat pemaaf menika kalebet sifatipun tiyang ingkang taqwa, milo menawi kita ngaken sebagai tiyang ingkang taqwa kedah anggadhahi sifat menika. Allah swt.dhawuh wonten surat Ali Imran ayat 133-134 :
وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالأرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَ . الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِ وَاللهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ . ال عمران: ١٣٣ ١٣٤
“Lan age-ageo siro kabeh njaluk ngapuro marang Pengeranmu lan age-ageo marang Suwargo, kang Suwargo iku ambane sak ambane langit lan bumi lan Suwargo iku dicawisake marang wongkang podo taqwa. Yoiku wong akeh kang podo gelem nafkahake bandane ing dalem waktu longgar (sugih) lan wektu sempit (miskin), lan wong akeh kang podo ngempet hawa nafsune (amarahe) lan wong akeh kang podo gelem ngapuro kesalahane wong liyo. Allah iku seneng marang wong akeh kang podo agawe becik.” (QS. Ali Imran : 133 -134)
Hadlirin Jama’ah jum’ah rahimakumullaah !
Miturut ayat ing nginggil bilih Suwargo menika dipun cawisaken kagem tiyang ingkang taqwa lan cirinipun tiyang ingkang taqwa ing antawisipun :
*Setunggal : Kerso derma-aken utawi nginfak-aken arta bondonipun wonten marginipun Allah, sae menika wonten wekdal longgar (kathah harta bendanipun) utawi naliko sempit (sakedik harta bendanipun)
Ciri nomer 2 : Kerso ngempet nesunipun utawi amarahipun, sebab nesu menawi boten terkendali menika sumber malapetaka. Rasulullah saw. nate ngendika :
الْغَضَبُ قِطْعَةٌ مِنَ الْجُنُوْنِ
“Nesu iku sepotong songko edan.”
Milo sering terjadi garwo ayu dipun pukuli, suami gantheng dipun sikso, hp. sae dipun banting, barang sae dipun rusak, lan mekaten sak terusipun. Sedaya kolowau saget kedadosan lantaran sebab nesu ingkang boten terkendali.
Ciri nomer 3 : Kerso paring pangapuro maring sesami gesang lan menika kalebet salah setunggalipun akhlak ingkang paling mulyo. Rasulullah saw. dhawuh :
ثَلاثَةٌ مِنْ مَكَارِمِ الأَخْلاقِ عِنْدَ اللهِ تَعَالَى . قِيْلَ : وَمَا هُنَّ يَا رَسُوْلَ اللهِ ؟ قَالَ : ” أَنْ تَعْفُوَ عَمَّنْ ظَلَمَكَ ، وَتُعْطِيَ مَنْ حَرَمَكَ ، وَتَصِلَ مَنْ قَطَعَكَ . رواه البخارى
“Ono telung perkara kang kalebu akhlak kang paling mulyo ono ngersane Allah Ta’ala. Banjur shahabat nyuwun piso : Tigo menika nopo ya Rasulallah ? lajeng Rasulullah dhawuh : yoiku 1. Siro gelem ngapuro marang wongkang nganioyo siro. 2. Siro gelem weweh marang wongkang ora gelem weweh marang siro. 3. Siro gelem nyambung sedulur marang wongkang medot paseduluran marang siro.” (HR. Bukhari)
Hadlirin Jama’ah jum’ah rahimakumullaah !
Kejawi kita kerso paring pangapunten, kita kedah purun nyuwun pangapunten menawi kita anggadahi kalepatan dateng tiyang sanes lan nyuwun halalipun menawi arupi harta benda. Menawi kita anggadhahi kalepatan dateng tiyang sanes kok boten purun nyuwun pangapunten ngantos sedo, saget ugi kita kalebet tiyang ingkang bangkrut akhirat. Rasulullah saw. dhawuh :
أَتَدْرُوْنَ مَا الْمُفْلِسُ؟ قَالُوْا: الْمُفْلِسُ فِيْنَا مَنْ لاَ دِرْهَمَ لَهُ وَلاَ مَتَاعَ. فَقَالَ: إِنَّ الْمُفْلِسَ مِنْ أُمَّتِيْ مَنْ يَأْتِيْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِصَلاَةٍ وَصِيَامٍ وَزَكَاةٍ، وَيَأْتِيْ قَدْ شَتَمَ هٰذَا وَقَذَفَ هٰذَا وَأَكَلَ مَالَ هٰذَا وَسَفَكَ دَمَ هٰذَا وَضَرَبَ هٰذَا، فَيُعْطَى هٰذَا مِنْ حَسَنَاتِهٖ وَهٰذَا مِنْ حَسَنَاتِهٖ. فَإِنْ فَنِيَتْ حَسَنَاتُهٗ قَبْلَ أَنْ يُقْضٰى مَا عَلَيْهِ،أُخِذَ مِنْ خَطَايَاهُمْ فَطُرِحَتْ عَلَيْهِ ثُمَّ طُرِحَ فىِ النَّارِ . رواه مسلم
Artosipun : Opo siro kabeh podo ngerti, opo sing diarani wongkang bangkrut iku ? Para shahabat podo jawab : “Tiyang ingkang bangkrut miturut kita inggih punika tiyang ingkang boten gadah arto bondo lan boten gadah pangupo jiwo. Rasulullah dhawuh malih : “Saktemene wongkang bangkrut songko umatku yoiku wongkang teko ono dino kiyamat kanthi gowo ganjaran shalat, puasa, lan zakat. Ananging wong mau teko karo gowo dosa kedhaliman, dhewek-e pernah ngelokne elek si Anu, nuduh olo si Anu, mangan harta bondo si Anu, menumpahkan darah si Anu, dan memukul badan si Anu. Mongko tebusane : ganjarane wong mau dipundut, terus diparingake marang si Anu lan si Anu. Yen menowo ganjarane entek, amongko isih ono wong sing durung kebagian ganjarane (saking okehe dosane), mongko dosane wong sing durung kebagian dipundut, terus dipikulake marang dhewek-e, banjur dhewek-e dilemparake marang Neraka.” (HR Muslim no. 6522)
Wonten riwayat sanes Rasulullah saw. dhawuh :
مَنْ كَانَتْ لَهُ مَظْلَمَةٌ لِأَخِيْهِ مِنْ عِرْضِهِ أَوْ شَيْءٍ فَلْيَتَحَلَّلْهُ مِنْهُ الْيَوْمَ قَبْلَ أَنْ لَا يَكُوْنَ دِيْنَارٌ وَلَا دِرْهَمٌ، إِنْ كاَنَ لَهُ عَمَلٌ صَالِحٌ أُخِذَ مِنْهُ بِقَدْرِ مَظْلَمَتِهِ، وَإِنْ لَمْ تَكُنْ لَهُ حَسَنَاتٌ أُخِذَ مِنْ سَيِّئَاتِ صَاحِبِهِ فَحُمِلَ عَلَيْهِ . رواه البخارى
“Sopo wonge sing pernah berbuat dhalim marang sedulure, arupo kehormatane utowo perkara liyane, mongko becik njaluk-o halale marang sedulure mau ono dino iki (naliko ono donya), sak durunge teko dino kang ora payu dinar lan dirham (dino kiyamat). Menowo dhewek-e duwe amal shalih, mongko amal shalihe dipundut miturut gedene kesalahane, terus diparingake marang wong kang didholimi. Yen wong mau ora duwe kebecik-an (amal shalih), mongko dosane sedulure dikurangi, terus ditambahake marang wong kang berbuat dholim mau.” (HR Al-Bukhari no. 2449)
Hadlirin Jama’ah jum’ah rahimakumullaah !
Intinipun, senaoso kita ahli shalat, sregep ngelampahi ibadah shiyam lan ahli bayar zakat, ananging menawi dosa kita dateng tiyang sanes langkung ageng, kita kalabet golonganipun tiyang ingkang bangkrut akhirat lan benjing dipun lebetaken dateng neraka dening Allah swt.Na’uudzu billaahi min dzaalik.
Mekaten khutbah ingkang saget kawula aturaken, mugio saget bekto manfaat, barakah lan mashlahah fiddunya wal-akhirah. Amin yaa Rabbal ‘aalamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ.أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ تَعَالَى لِىْ وَلَكُمْ, فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Penulis : Drs. H. Ahmad Mujiono
0 Response to "KHUTBAH HALAL BIHALAL BAHASA JAWA"
Posting Komentar