contoh mc halal bihalal bahasa jawa

Contoh Teks MC Halal Bihalal Bahasa Jawa 

 

Assalamu'alaikum Wr. WB. 
Wonten ngarsanipun poro pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. 
Ingkang kulo hormati kepala ..........
 Ingkang kulo hormati ketua ....... 
Bapak Ibu sedoyo ingkang dipun rahmati Allah, 
Langkung rumiyin, monggo sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi katah kenikmatan dumateng kulo lan panjenengan sami, sahinggo kita saget ngrawuhi acara halal bihalal wonten mriki  mboten wonten alangan punopo-punopo.
 Sholawat soho salam, mugiyo kahatur dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang kito sedoyo tenggo pitulung syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir, lan kito sedoyo pikantuk syafaatipun. Amin.
 Bapak-bapak Ibu-ibu ingkang dipun rahmati Allah,
 Keparengo kawulo matur ing mriki, kadawuhan saking panitia dados pranatacara wonten acara peringatan halal bihalal puniko. 
Menawi ningali wekdal sampun anyekapi pramilo monggo acoro dipun kawiwitan.
kawulo waosaken susunan acara ingkang bade kalampah wonten ing acara dinten puniko.
 Acara ingkang sepindah, inggih puniko pembikaan. 
Acara ingkang ongko kalih, inggih puniko sambutan ketua panitia ... 
Acara ingkang ongko tigo inggih puniko sambutan ketua/kepala... 
Acara ingkang ongko sekawan inggih puniko waosan ikrar halal bihalal... 
Acara ingkang ongko gangsal inggih puniko tausiah... 
Acara ingkang panutup inggih puniko waosan do'a penutup. 
 Mekaten reroncening adiacara ingkang bade kalampah ing siang puniko, mugi-mugi acara saget kalampaahan kanti lancar lan pikantuk ridho saking Allah SWT. 
Bapak Ibu ingkang dipun rahmati Allah, 
Acara kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acara dipun bikak kanti waosan basmalah sesarengan. Bismillahirahmanirrahim.. Matur nuwun, 
Acara ingkang kaping kalih sambutan ketua panitia, dumateng bapak ....wekdal kulo sumanggakaken
 
Wonten ing ngarsanipun bapak ibu sampun cumawis dahar saha unujukan, sumonggo dipun nrahapi kanthi mernaning penggalih lan ugi doa piyambak-piyambak sumonggo. 
Mboten ngirangi kamardikan ipun bapak-bapak ibu-ibu angrahapi daharan saha unjukan, bilih acoro bade dipun lajengaken ... 
Acara ingkang pungkasan inggih puniko panutup kalajengaken halal bi halal utawi jawat asta inking bade dipun slirani Bapak ... Mekaten adicoro halal bihalal RT 05 Paskid monggo kito tutup kanti maos hamdalah sesarengan. Alhamdulillahirabbil'alamin. Mok bilih saking kulo katah kalepatan anggenipun ndekulo akhiricoro kulo nyuwun sih samudro pangaksami kulo akhiri. Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Subscribe to receive free email updates:

Related Posts :

0 Response to "contoh mc halal bihalal bahasa jawa "

Posting Komentar