Syair bowo gegaraning wong akrami
bowo asmoro dono gegaraning wong akrami
“Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta ”
“Syarat / modal orang membangun rumah tangga,
Bukan harta bukan rupa,
Hanya hati bekalnya,
Gagal sekali itu berhasil ya sekali itu,
Jika mudah maka sangatlah mudah,
Jika sukar maka teramat sukar,
Tidak bisa dibeli dengan uang (kebahagiaan rumah tangga tersebut”.
----
Bowo (Dhandhanggula):
Dhuh wong ayu pepujaning ati
Kayo negene wong nandhang asmara
Apata awakku dhewe
Dhuh Dewa jawata gung
Welasa mring awak mami
Besuk kapan ketekan
Jejer lan wong ayu
Umpakmakna nahkodha
Tanpa prau sasadara den pepetri
Nyidam sari asmara
Langgam:
Umpama sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidamsari
Umpama sliramu margi
Aku kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyane ati
Tansah kumanthil imdg netra rinasa
Karasa rasane ndriya
Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati salawase
Nalikanira ing dalu atiku
Lam-lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku
=====
BOWO DADI ATI
0 Response to "Syair bowo gegaraning wong akrami"
Posting Komentar