contoh ikrar halal bihalal

Bismillaahirrahmaanirrahiim. Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa asyhadu anna Muhammadarrasulullah. Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak lan sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan. Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan. Ing dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal kesaenan kita ing wulan Ramadhan. Salajengipun kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring pangapunten dumateng kula. Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya. Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya. Amin, amin, Ya robbal ‘alamin. Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksami. Wabilahittaufiq wal hidayah Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.

Subscribe to receive free email updates:

Related Posts :

0 Response to "contoh ikrar halal bihalal"

Posting Komentar