TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA RAPAT PEMUDA
TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA RAPAT PEMUDA
Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Rapat Pemuda
Naskah ini ditulis sebagai contoh yang dapat digunakan oleh siapapun yang merasa membutuhkan. Dalam contoh ini masih dimungkinkan untuk diubah dalam pengertian ditambah dan atau dikurangi oleh calon pengacara. Ini berarti bahwa kalimat-kalimat dalam naskah ini merupakan contoh saja dan bukan sesuatu yang paten.
Baik. Agar Anda lebih jelas, berikut ini saya contohkan apa yang
dapat diungkapkan dan diucapkan oleh seorang pranatacara berbahasa
Jawa. Saya umpamakan acara yang sedang dilaksanakan adalah berupa :
- Rapat / pertemuan pemuda
- Dihadiri oleh tokoh masyarakat (kalangan tua, orang tua pria-wanita), angkatan muda pria-wanita, pejabat lokal (misalnya Dukuh, Ketua RW, Ketua RT) yang mayoritas beragama Islam
- Pembawa acara / pranatacara beragama Islam
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarkaatuhu,
Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Assholaatu was-salaamu’alaa
asyrofil an-biyaa-i wal mursaliin. Syayyidinaa wa maulana muhammadin
wa’alaa alihi wa shohbihi aj-ma’iin. Amma ba’d.
Catatan :
- Contoh salam pembuka ini hanya boleh diucapkan’digunakan apabila pembawa acara / pranatacara adalah seorang Muslim.
- Apabila pembawa acara / pranatacara beragama Islam tetapi mayoritas yang hadir bukan muslim, sebaiknya salam pembuka ini tidak digunakan.
- Sebagai pengganti salam pembuka tersebut, bisa digunakan kalimat : “Mugi sih wilasaning Gusti ingkang Maha Peparing tansah kajiwa lan kasarira dhateng panjenengan sedaya dalasan kula” (atau menggunakan kalimat lain yang intinya memanjatkan do’a kepada Tuhan Yang Maha Esa), kemudian diteruskan dengan kalimat di bawah ini.
Dhumateng ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh saha para
sesepuh ingkang pantes pinundhi. Para pangemban pangembating praja
satriyaning negari, nun inggih panjenenganipun Bapak Dukuh ……, Bapak
Ketua RW ….. menapa dene Bapak Ketua RT…… ingkang tuhu kinabekten. Para
Bapak saha Ibu minangka tokoh masyarakat ing tlatah Pedukuhan …… ingkang
tansah kula hormati. Mboten kesupen dhumateng para kanca pengurus
…………..(nama organisasi) ingkang tansah kaantu-antu kiprahipun ing sak lebeting gesang kemasyarakatan.
Langkung rumiyin keparenga kula ingkang piniji ndherekaken
lampahing adicara pepanggihan ing titiwanci punika, nyuwun lumunturing
sih samodra pangksami dene kula cumanthaka nggempil kamardikan nyigeg
pangandikan panjenengan sedaya, saperlu badhe amurwakani laksitaning
adicara ing titiwanci punika.
Anamung sak derengipun, murih ing samangke sageta jumbuh menapa
ingkang dados wigatining pepanggiha menika, keparenga badhe kula
aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karantam,
ingkang ing samangke badhe kapurwakani kanthi adicara ingkang angka
sepisan nun inggih Pambuka. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih,
atur pam bagyaharja saking Ketua …….. Ndungkap adicara ingkang angka
tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh……………….. Adicara ingkang angka
sekawan, minangka wigatining pepanggihan menika nun inggih Musyawarah,
ingkang samangke lampahing adicara musyawarah menika kaaturaken dhateng
sedherek Ketua…………… Paripurnaning adicara musyawarah, kalajengaken
adicara mirunggan ingkang badhe kaaturaken wontenipun sawetawis atur
saking pengurus. Wondene adicara ingkang angka enem minangka
pungkasaning adicara, nun inggih adicara Panutup.
Para bapak, para ibu saha para sedehrek sedaya ingkang tansah
kinurmatan. Sumangga adicara pepanggihan ing titiwanci punika tumunten
kita awiti. Minangka pambuka laksitaning adicara, sumangga kita
purwakani kanthi sareng-sareng ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmalah, kula
dhereaken.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking
Ketua ……………. Ingkang menika dhumateng sedherek Ketua ….kasumanggaaken.
=====(setelah pambagyaharja dari ketua selesai)=====
Mekaten manggah atur pambagyaharja ingkang sampun kaaturaken
denening sedherek ……………………. Kalajengaken adicara ingkang angka tiga,
Pangandikan saking Bapak Dukuh …………………… Dhumateng Bapak Dukuh ………….
wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
=====(setelah Sambutan Dukuh selesai)=====
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak
Dukuh……………….. ingkang sampun kepareng paring pangandikan, ingkang sedaya
pangandikan kala wau minangka pambombong lan pambimbing tumrap pengurus
saha anggota ………..(nama organisasi) ing tlatah Pedukuhan ………………..
Para Bapak, para ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan,
lumebet adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining adicara
pepanggihan ing titiwanci menika, inggih adicara Musyawarah. Wondene
lampahing adicara musyawarah menika, sawetahipun kula aturaken dhateng
sedherek Ketua ………..(nama organisasi). Dhumateng sedherek …….. (nama Ketua)kasumanggaaken.
=====(setelah jalannya musyawarah selesai)=====
Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Sampun paripurna adicara musyawarah
ing titiwanci menika lan saestu sampun pinanggih rembag ingkang
gumathok minangka paugeraning pakaryan utawi kegiatan ingkang badhe
sareng-sareng kita lampahi ing wekdal ingkang badhe dhateng.
Para lenggah ingkang kinurmatan, ndungkap adicara ingkang angka
gangsal, sawetawis atur saking pengurus ingkang badhe kaaturaken dening
sedherek sekretaris. Dhumateng sedherek sekretaris, wekdal
kasumanggaaken.
=====(setelah sekretaris selesai menyampaikan)=====
Mekaten sawetawis atur saking sedherek sekretaris, mugi ndadosna
kawigatosan dhumateng para anggota lan minggahipun dhumateng sedaya para
lenggah.
Para Bapak sumrambah para Ibu saha para sedherek sedaya ingkang
kinurmatan, titi laksananing adicara pepanggihan ing wekdal punika wiwit
purwa, madya dumugi wusananing pepanggihan sampun lumampah kathi
wilujeng nir ing sambekala. Minangka panutuping adicara, sumangga
adicara ing titiwanci menika kita pungkasi ngiras pantes minangka raos
syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah,
kula dherekaken. ……. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin…
Para lenggah ingkang kinurmatan, ing mbok bilih sak dangunipun kula
ndherekaken lampahing adicara, inggih minangka jejering pranatacara
kathah atur ingkang kirang nuju prana menapa dena tindak-tanduk kula
ingkang kirang mranani, saestu kanthi andhap asoring manah kula nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksami, nyuwun aguning pangapunten.
Wusana, wassalaamu;alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
0 Response to "TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA RAPAT PEMUDA"
Posting Komentar