lirik bowo dandanggulo "sesideman"

 

BAWA DHANDHANGGULA SESIDHEMAN

Wiwitane handherek Sang Pekik
Priya bagus kang olah budaya
Sowan menyang kutha gedhe
Bendara trus kayungyun
Slendhang kuning kang saking wukir
Swara kurang permana
Ning wasis angungrum
Angungrum marang bendara
Dyah sulistya pijer ngincangake alis
Trus tresna sesidheman

CAKEPAN SESIDHEMAN

Luwih becik patenana
Timbang pepisahan lan dyah kang sulistya
Takrewangi samudana marang kulawarga
Garwa lan pra putra

Liwat kincanging alismu
Kuwawa hangglandhang rasaning atiku
Nadyan wus lingsir yuswaku
Aku isih mampu ngladeni solahmu
Mangka kowe bocah nggunung
Nadyan bocah nggunung kaduga hanyrimpung
Jiwa ragaku kok kurung
Kahormatan mamprung rubuh ngantya pinjung

Urip ana kutha gedhe
Kowe taktukokke omah sak isine
Kowe aba apa wae
Nadyan sesidheman mesthi takwujudke


NOTASI SESIDHEMAN
Lancaran:
- 2 - 1   - 6 - 5   - - 2 6   1 2 3 (1)
- 2 - 1   - 6 - 5   - - 5 1   1 5 1 (6)
- - 5 1   1 5 1 6   - - 6 1   6 5 3 (5)
- 2 - 6   - 2 - 6   - 2 - 3   - 2 - (1)

Langgam:
2 5 6 1   3 2 1 6   5 3 2 1   6 5 1 (6)
2 5 6 1   3 2 1 6   5 3 2 1   6 5 2 (1)
3 5 3 2   5 6 1 6   3 5 6 5   3 2 6 (1)
2 5 6 1   3 2 1 6   5 3 2 1   6 5 2 (1)

Ompak:
2 5 6 1   3 2 1 6   5 3 2 1   6 5 2 (1)

Dhangdhut:
- 2 - 1   - 2 - 1   - 2 - 5   - 6 - 1
- 3 - 2   - 3 - 2   - 3 - 5   - 1 - 6
- 1 - 6   - 2 - 1   - 5 - 3   - 2 - 1
- 3 - 2   - 6 - 5   - 1 - 2   - 1 - (6)
- 5 - 6   - 1 - 6   - 2 - 5   - 6 - 1
- 3 - 2   - 3 - 2   - 3 - 5   - 1 - 6
- 1 - 6   - 2 - 1   - 5 - 3   - 2 - 1
- 3 - 2   - 6 - 5   - 2 - 3   - 2 - (1)

- 2 - 1   - 2 - 1   - 3 - 5   - 2 - 3
- 3 - 5   - 1 - 6   - 5 - 2   - 1 - 6
- 1 - 6   - 5 - 6   - 3 - 5   - 6 - 5
- 6 - 5   - 3 - 2   - 1 - 6   - 2 - (1)

- 2 - 1   - 2 - 1   - 2 - 5   - 6 - 1
- 3 - 2   - 3 - 2   - 3 - 5   - 1 - 6
- 1 - 6   - 2 - 1   - 5 - 3   - 2 - 1
- 3 - 2   - 6 - 5   - 2 - 3   - 2 - (1)

Suwuk:
56 5 3 5   - 1 1 (1)

ARTI LIRIK LAGU LANGGAM SESIDHEMAN

Lebih baik bunuh saja
Daripada berpisah dengan gadis cantik jelita
Walaupun kuberbohong dengan keluarga
Istri dan anak-anak

Dengan isyarat alis matamu
Tlah merenggut rasa dalam hatiku
Walaupun usiaku sudah tua
Aku masih mampu mengimbangi kemauanmu

Sebenarnya kamu hanya orang kampung
Walaupun orang kampung, tak kusangka bisa menjegal
Jiwa ragaku tlah kau kurung
Kehormatan ambyar roboh hingga tak berharga

Hidup di kota besar
Kamu saya belikan rumah dan isinya
Kamu minta apa saja
Walau dengan sembunyi pasti saya turuti.

Baca juga: Notasi bawa lirik lagu dan arti langgam kadhung tresna

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "lirik bowo dandanggulo "sesideman""

Posting Komentar