Contoh pambuka acara resepsi adat jawa menurut ir tri handoyo (permadani magelan)
MC pambuko acara resepsi adat jawa
Teks:
Assalamualaikum wr wb
Nuwun panjenenganipun ingkang tuhu kinabekten para sepuh dalah pinisepuh ingkang hanggung mastuti dumateng pepoyaning kautaman Para pangemban pangembating praja manggalaning praja tuwin satriyaning nagari kinaryo pandam pandoming para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana datan katalumpen dumateng para kadang mudha madya tumaruna ingkang satuhu tinangsulan tangkeping kekadangan sagung adi lenggah kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinugata ing pakurmatan
Keparenga langkung rumiyin sumangga tansah hangunjuaken puja puji syukur wonten Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Agung kacihna ingkang tansah hambabar kanugrahan ingkang maurahan paring kekiyatan tuwin kawilujengan satemah ing titi wekdal menika panjenengan sedaya lan kula saget kempal nyawiji ing papan menika kanti winantu suka tuwin basuki Salajengipun mugi linepatna ing deduka tinebihna ing salwiring sesendu, dene kula cumantaka hamurwakani titi laksitaning adicara satemah hangirangi kamardikaning suasana nggenya panjenengan sedaya imbal pangandikan nun inggih nyendikani dawuhipun panjenenganipun Bp Budi Susila dalasan Ibu Sri Utami Atmiyati kinen handereaken lampahing upacara pahargyan dauping pinanganten sarimbit nenggih atmaja putri ingkang asesilih rara ayu Anisa Nur Septiana S.Kep ing mangkih daup palakrama kaliyan jejaka tumaruna ingkang peparap Bagus Muhammad Widyatmoko S.Pd sayekti atmaja kakung saking panjenenganipun Bp Drs Werkudoro MM dalasan Ibu banowati S.Pd MSi ingkang lenggah dedalem wonten ing Sempu Ngadirejo Secang Magelang
Murih rancag saha gancaring titilaksana rantaming adicara sampun rinacik rinancang kadi ingkang badhe katur mekaten
Adicara ingkang sepisan nun inggih pambuka
Wondene adicara ingkang urut kalih nenggih pinanganten putri arsa mijil saking panti busana kakanti manjing ing sasana rinengga
Adicara ingkang urut tiga praptaning pinanganten kakung dalasan para kadang pangayap mijil saking panti palereman arsa manjing ing sasana pahargyan namung kandeg sangajenging qori pahargyan
badhe tumapak upacara pasrah panampining pinanganten Telenging adicara daup pinanganten sarimbit rinonce adicara urut sekawan
Adicara ingkang urut gangsal wedharing atur pambagya harja saking keluwarga panjenenganipun Bp Budi susila Purna atur pambagya harja tumuli ngadani adicara kirab kanarendran pinanganten badhe santun busana
Adicara ingkang pitu nun inggih tumapaking upacara kirab kasatriyan Wondene wursita wara ingkang kalajengaken pamuja hastungkara rinacik minangka adicara ingkang urut wolu
Adicara ingkang urut sanga nun inggih panutup
Mekaten inggih bapak sagung para tamu, adicara ingkang badhe hangrenggani tumapaking upacara pahargyan dauping pinanganten ing titi kala mangsa wekdal menika Inggih karana para kadang ingkang samya nampi kridha sampun samiya siyaga punapa dene ubarampe upacara sampun samekta pramila mugi wonten keparengipun upacara tumuli kawiwitan kinarya pambuka pangandali wara hangaturaken santi pamiyaking warana kinaryo sarana hamemayu hayuning sasana Katur dumateng sagung para rawuh wilujeng lenggah ngantos saparipurnaning upacara ing mangkih nuwun
0 Response to "Contoh pambuka acara resepsi adat jawa menurut ir tri handoyo (permadani magelan)"
Posting Komentar