Contoh atur pambagyo harjo boso jowo
contoh atur pmbagyo harjo bahasa jawa
assalamualaikum warahmatullahiwabarakatuh
Poro pangemban pangembating Projo tuwin satrianing Nagari ingkang pantes sinudarsono
dumateng kadang pangomby keluarga Ageng panjenenganipun bapak..... sekalian garwo ingkang Cinaket ing manah
Poro rawuh kakung Sumowono Putri ingkang dahat kinurmatan
saklajenngipun keparengo kulocumantoko lumarap atur wonten Ing Ngarso panjenengan sedoyo
Dene pamatur ingkang sepisan ngaturaken pambagio Sugeng rawuh keparing nyekecakaken lenggah kanthi mardu mardikaning penggalih
soho ngaturaken agunging panuwunvdumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal nindaki menopo ingkang dados undanganipun bapak........ (hamengku gati)
ingkang angko kalih ngaturaken agunging pangapunten ambok bilih mboten saged caos papan palenggahan saha pasugatan ingkang kirang ngresepaken penggalih panjennegan
sepisan malih kulo minongko wakil , kulo ngaturaken agunging pangapunten
wigatosing gati bapa ..... (ingkang hamengu gati) netepi darmaning asepuh hangrakit sekar cempoko mulyo miwoho siwi mahargyo suto daupaken putro kinasih ingkang asesilih nimas ayu.....kaliyan roko mas bagus........ ........putro bapak.... ingkang pidalem wonten .........
akad nikah sampun kalaksanakaen kirang Langkung tabuh ........mapan ing KUA kanthi lulus Raharjo
pramilo nyuuwun tambahing doa pangestu dumateng para rawuh sedoyo ingkang kaluberaken dateng risang temanten kekalih
mugi mugi anggenipun badhe bebrayan mbangun bale wismo dados keluarga ingkang sakinah mawaddah warahmah
0 Response to "Contoh atur pambagyo harjo boso jowo "
Posting Komentar