TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA PENGAJIAN
https://drive.google.com/drive/folders/1DWZwE5Ze868AF8lrb9yH-ULTB4x8Sraj?usp=drive_link ( contoh mc perpisahan anak anakk sekolah)
TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA PENGAJIAN
Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Pengajian
Posting ini saya buat guna membantu mereka yang membutuhkan contoh
teks pranatacara atau pembawa acara untuk kegiatan pengajian umum
sebagaimana yang sering dilaksanakan. Dalam teks ini, saya contohkan
sebuah kegiatan pengajian yang di set sebagai berikut : Dilaksanakan
secara akbar, dan dapat diterapkan baik dalam ruangan tertutup maupun
ruangan terbuka;
- Jamaah yang hadir adalah umum, dari usia anak-anak, pemuda, dewasa, orang tua, tokoh masyarakat, alim ulama dan pejabat lokal;
- Ada pembacaan ayat suci Al-Qur’an;
- Ada ucapan selamat datang dari panitia;
- Ada sambutan dari pejabat lokal
- Penghadirkan penceramah
- Menggunakan hidangan berupa minum dan snack;
- Menggunakan hiburan
Dari gambaran rancangan tersebut, maka dapat disusun rancangan acara sebagai berikut :
1. Pembukaan
2. Pembacaan Ayat Suci Al-Qur’an
3. Ucapan selamat datang dari Panitia, diselingi hiburan dan minum/snack.
4. Sambutan
5. Inti Pengajian
6. Penutup
Untuk lebih jelasnya, dapat pembaca praktekkan teks berikut ini yang tentunya masih memungkinkan untuk ditambah dan atau dikurangi.
================================================================================
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu,
wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may
yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu
an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna
muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang
tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus
dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan
memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing
wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;
Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji,
ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing
titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun
ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita
nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha
para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah
pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah.
Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang
kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil
kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani
adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe
hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing
titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung
mekaten :
- Adicara angka sepisan Pambuka
- Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
- Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
- Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai …………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
- Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
- Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah,
mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan …………..
ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta
lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking
menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika
tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga
kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan
ummul kitab atau dengan do’a lainnya).
=====
Matur nuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah
ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun,
kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha
hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah
SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun.
Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.
=====
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing
pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka
saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng
sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran
saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.
=====
Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang
salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing
pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (mungkin pejabat
tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk
memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking
panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring
wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja.
Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten
anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih.
Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.
Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing
ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban
Seni Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Ingkang
menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji
Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng
para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.
=====
Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal,
wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking
panjenenganipun Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal
sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
=====
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah,
purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing
rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha
tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika.
Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring
pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu
punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken.
Sumangga.
======
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun
almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing
dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika
ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken
wedharing pengaosan.
Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah,
purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning
adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung
saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji
ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang
nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap
asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha
panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken
raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal
Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.
Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
0 Response to "TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA PENGAJIAN"
Posting Komentar