lirik bowo pangkur "sinawang datan boseni" langgam kadung tresna
BAWA PANGKUR LANGGAM KADHUNG TRESNA
Rina pantaraning wengi
Tan kendhat kula meminta
Antuk Nugraha Hyang Manon
Saindhenging nuswantara
Kalis godha rencana
Ayem tentrem adil makmur
Sengkut ambangun negara
Tan kendhat kula meminta
Antuk Nugraha Hyang Manon
Saindhenging nuswantara
Kalis godha rencana
Ayem tentrem adil makmur
Sengkut ambangun negara
-------------------------------
Sinawang datan boseni
Nyawang wong ayu aleman
Rekasa muga kelakon
Angger aku bisa nyawang
Wong ayu lambené abang
Matia aku wis purun
Angger tresnaku boktampa
--------------------------------
CAKEPAN ATAU LIRIK LAGU KADHUNG TRESNA
Lamat wus katon tejané
Yèn bombrong katon mencorong (aduh)
Wiragané
Sinawang tan amboseni
Yèn besengut wimbuh patut
Nyata jatmika mrak ati (nimas)
Lestaria
Tan lila ginggang sarikma
Nadyan bebasané
Kalingan godhong salembar (nimas)
Kaya wus koncatan
Rasa sengsem ing atiku
Pacakané sarwa asri
Jro batinku tansah kuwur (éman)
Wus lumayan
Amung nimas paraningsih
Baca juga: Notasi dan cakepan lirik lagu srampat
NOTASI LANGGAM KADHUNG TRESNA SLENDRO 9
A:
6 5 2 1 6 1 6 5(N) 3 5 6 5(P) 2 3 2 1(G)
B:
5 3 2 1 6 1 6 5(N) 3 5 6 5(P) 3 1 3 2(G)
- 2 3 1 6 1 6 5(N) 3 5 6 5(P) 2 3 2 1(G)
- 1 2 3 5 6 5 3(N) 2 3 2 1(P) 6 1 6 5(G)
6 5 2 1 6 1 6 5(N) 3 5 6 5(P) 2 3 2 1(G)
MAKNA ATAU ARTI LIRIK LAGU KADHUNG TRESNA
Lamat wus katon tejané (sayup-sayup telah terlihat sinarnya)
Yèn bombrong katon mencorong (Jikapun/walaupun sederhana terlihat mempesona)
Wiragané (gerak-geriknya, perilakunya)
Sinawang tan amboseni (terlihat tak pernah membosankan)
Yèn besengut wimbuh patut (jikapun sedang muram, malah semakin pantas)
Nyata jatmika mrak ati (karena memang seorang yang berhati lembut, sopan-santun)
Lestaria (semoga lestari bisa selalu bersanding)
Tan lila ginggang sarikma (tak akan ada yang memisahkan serambutpun)
Nadyan bebasané (sepertihalnya ibarat)
Kalingan godhong salembar (terhalang selembar daun)
Kaya wus koncatan (seperti sudah kehilangan)
Rasa sengsem ing atiku (rasa malu di hatiku)
Pacakané sarwa asri (busana/dandanan/riasan selalu asri/pantas)
Jro batinku tansah kuwur (dalam batinku selalu terpana)
Wus lumayan (sudah kucukupkan/kupastikan/kuputuskan)
Amung nimas paraningsih (hanya engkau pujaanku yang akan menjadi jodohku)
Baca juga: Notasi dan arti lirik lagu tresna sesidheman
0 Response to "lirik bowo pangkur "sinawang datan boseni" langgam kadung tresna"
Posting Komentar