contoh Atur pambagyo, pasrah manten, atur panampi, uopacara boyong

 Tuladha : (H.Lanjar Puryanto Prodjo Bandono.)

"ATUR PANGAYUBAGYA"

 

Assalamu alaikum warohmatulohi wabarokatuh

 

Bapa-ibu para tamu ingkang winengku ing suka rahayu, linangkung para sesepuh, aji sepuh ingkang sampun buntas salwiring kawruh.

Para adi lenggah kakung-putri barayagung ingkang hamanggih suka basuki, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur pangalembana wonten ngarsa dalem Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, ingkang sampun paring katentreman, kawilujengan tuwin kabagas-warasan, mugi tumama tumus tumanduk dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, waradin sedaya kulawarga.

Bapa-ibu para tamu ingkang pantes hanampi sih pakurnatan, kula ingkng pinangka sulih sarira hamakili atur panjenenganipun bapa Kresna Wardaya, kinen hangaturaken wigatosing perlu.

Namung hambok bilih atur kula mangke pinanggih sepen ing semu, sepa ing rasa, sepi tanpa sari, malah kapara nglelingsemi, mugi diagung ing pangaksami.

Bapa-ibu, ingkang sepisan kula ngambali atur, ngaturaken pambagya wilujeng awit keparengipun rawuh bapa-ibu para tamu sedaya, mugi kasekecakna anggen panjenengan lelenggahan kanthi sumelehing rasa-mardikaning panggalih.

Ingkang urut kalih, kula ngaturaken agenging panuwun, bapa-ibu sampun kepareng rawuh paring donga pangestu dhumateng anak kula panganten kekalih, nenggih Rara Ayu Siti Sundari, putri siwi bapa Kresna Wardaya kaliyan Bagus Abimanyu putra jalu bapa Harjunadi ingkang lenggah ing kampung Nglarang, Desa Basin, Kecamatan Kebonarum.

Dene ijab qabul sampun kalampahan kanthi wilujeng tanpa pambeng rikala dinten Sabtu Wage, surya kaping 17 Mei 2025, mapan wonten ing Kantor Urusan Agama Kecamatan Kebonarum.

Malah kapara putra panganten sarimbit sampun nampi partisara kekancinging palakrama pinangka tandha yekti sampun sah menggah wewarah agami punapa dene pranataning nagari.

Ingkang salajengipun nyuwun donga pangestu, mugi putra panganten kekalih anggenipun nyatangi bahitaning kulawarga, njejegaken adeging bale wisma tansah kukuh-bakuh santosa, manggih gesang ingkang bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah.

Dene ingkang urut tiga, bapa Kresna Wardaya ngaturaken panuwun dhumateng sanak-kadang, mitra rowang, tangga tepalih, lan para kadang mudha-mudhi wiranem tuwin sedaya bapa-ibu para panawung kridha ingkang boten saged kula sebataken satunggal mbaka satunggal ingkang sampun kepareng paring sabiyantu ingkang awujud bahu-suku, panggalih iguh pratikel lan sanes-sanesipun.

Mugi sih kadarman pnjenengan pikantuk leliru ingkang satraju saking Gusti Ingkang Maha Hayu.

Ingkang pungkasan bapa Kresna Wardaya nglenggana anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya, wiwit ngaturi palenggahan punapa dene pasugatan ingkang kirang damel renaning panggalih panjenengan, najanta tebih sampun karancang, dangu sampun karonce parandene taksih kathah kirang lan cingkrangipun, kanthi punika nyuwun agunging samudra pangaksami.

Para pinisepuh, sesepuh ingkang pantes sinesep sarining kawruh, bapa-ibu para tamu ingkang hamanggih suka rahayu, makaten lan semanten atur kula pinangka sulih raga bapa Kresna Wardaya, kula ugi nglenggana kathah tutur ingkang kalantur, basa ingkang singlar saking parama sastra, mugi diagung ing pangaksama.

Wanci kula konduraken wangsul dhumateng kadang pangendhali wara, nuwun. Wassalamu'alaikum Wr Wb.

==========================================

Tuladha :Karacik : H.Lanjar Puryanto Prodjo Bandono.

ATUR PASRAH (PANGANTEN & SARAT SARANA)

Assalamu'alaikum wr wb.

 

Puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT dzat ingkang Murbeng Gesang, hawit sih Rahmat tuwin hidayahipun ingkang sampun rumentah hambabar kabingahan, katentreman Saha kawilujengan mugi tansah tumedhak, tumanduk dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula waradin sedaya kulawarga.

Para pinisepuh ingkang dahat pinundhi, ingkang tansah kula bekteni, bapa-ibu ingkang tansah winengku ing suka-rahayu, mliginipun konjuk Bapa Kresna Wardaya sekaliyan ingkang tuhu bagya-mulya.

Sowan kula pinangka sulih sarira, talanging basa saking Bapa Harjunadi, ingkang lenggah ing dalem Nglarang, Desa Basin, Kecamatan Kebonarum, kinen matur wonten ngarsanipun Bapa Kresna Wardaya lumantar bapa ingkang kepareng hamakili.

Namung saderengipun hambok bilih ing mangke wonten kaladuking atur, cupeting pangucap, ingkang boten damel sarjuning wardaya, kula nyuwun gunging pangaksama.

Atur kula ingkang sepisan, ngaturaken salam taklim kawilujengan kanthi atur Assalamu'alaikum Wr Wb. mugi sih tentrem rahayu tansah cumondhok, jajiwa-kasalira Bapa Kresna Wardaya sakulawangsa.

Atur ingkang urut kalih, kula ngaturaken sih pranata upakarti sarat-sarana jangkeping adat palakrama ingkang kula boten saged milang satunggal baka satunggal, namung karingkes awujud boga, busana tuwin redana arta ingkang boten mingsra, mugi katampiya kanthi suka renaning wardaya, ing pangajab mugi dadosaken raket- supeketipun kekadangan ingkang sami bebesanan.

Ingkang urut tiga kula nglarapaken putra panganten kakung , nuninggih anakmas Bagus Abimanyu, atmaja jalu Bapa Harjunadi ingkang lenggah ing kampung Nglarang, Desa Basin, Kecamatan Kebonarum, kula sumanggakaken wonten ngarsanipun Bapa Kresna Wardaya anggenipun badhe hamisudha nut satataning adat widi-widana kaliyan anak angger Rara Siti Sundari.

Kula namung Dherek jurung pandonga mugi putra panganten kekalih gesang atut- runtut, kinemulan bagya-mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah.

Ingkang salajengipun, mbok bilih samangke pahargyan sampun dungkap paripurna kula nyuwun pamit, nyuwun donga pangestu mugi lampah kula sapangombyong manggih widada ing marga, dumugi griya pinanggih kulawarga kanthi wilujeng.

Pungkasaning atur kula nglenggana kathah cecer-ceweting basa, kaladuking ukara, inggih Awit saking andhaping pawiyatan, kiranging seserepan, tadhah duka nyuwun agunging pangaksama.


Makaten lan semanten, wanci kula aturaken wangsul dhumateng kadang pangendhali wara. Nuwun.

Wassalamu'alaikum Wr Wb.

 

 ======================================

Tuladha :Karacik : H.Lanjar Puryanto Prodjo Bandono.

ATUR PANAMPI (PANGANTEN & SARAT SARANA)

Assalamu'alaikum Wr wb.

Sih tentrem rahayu miwah suka Basuki mugi tansah sumawur, kajiwa-kasalira panjenengan sadaya dalasan kula, mliginipun barayagung ingkang katemben mangun suka-rena, hawit kamirahanipun Allah SWT, Gusti kang Murbeng Gesang tansah mbabar kawilujengan tuwin kabingahan.

Para adilenggah Kakung-putri ingkang kawengku ing bagya-mulya, utaminipun Bapa Harjunadi sekaliyan garwa ingkang tuhu pantes hanampi sih pakurmatan.

Kula ingkang pinangka sulih atur talanging basa Bapa Kresna Wardaya sekaliyan, wontena keparengipun badhe hananggapi atur pasrah saking Bapa Harjunadi, lumantar Bapa Murwanto ingkang dados pangarsaning lampah.

Ingkang sepisan atur salam taklim kawilujengan saking bapa Harjunadi Kula tampi kanthi atur Wa'alaikum salam Wr Wb, Mugi sih kawilujengan tansah tumama-tumus tumanduk brayat ageng bapa Kresna Wardaya.

Ingkang urut kalih Kula tampi kanthi bingahing manah sedaya peparing sih pranata sarat-sarana jangkeping adat palakrami ingkang arupi boga, busana, arta tuwin abon- abon majemukan jangkep.

Mugi - Mugi sedaya peparing punika dados sarana jangkeping adat salaki-rabi panganten kekalih.

Dene ingkang urut tiga, kula tampi panganten kakung ingkang kekasih Bagus Abimanyu, putra kakung bapa Harjunadi tumuli badhe kawisuda dhaup anut satataning adat widi-widana kaliyan putri siwi bapa Kresna Wardaya ingkang asesilih Rara Ayu Siti Sundari.

Salajengipun mbok bilih ing mangke pawiwahan sampun dungkap paripurna, bapa Harjunadi sapangombyong badhe kondur, Bapa-ibu Kresna Wardaya namung saged ngaturaken wilujeng kondur, mugi lampah panjenengan tansah manggih rahayu, kalis ing reridhu.

Makaten tumanggaping atur kula dhumateng bapa Harjunadi, Kula nglenggana dereng pakra nata basa, taksih bingung ngrakit tembung, Mila kanthi punika tebah siti, sekul binuntel roning kalapa...apuranta sedaya lepat atur kula.

Pungkasaning atur rahayu niskala tebih ing sambekala, caket ing bagya- mulya. Wassalamu'alaikum Wr Wb.

Wanci kula aturaken wangsul dhumateng kadang Pambiyawara. Nuwun. 

 

================== 

contoh   (Atur pambuka Juru Pambiyawara) 

Karacik : H.Lanjar Puryanto PB

TATA UPACARA BOYONG PANGANTEN

 Assalammu'alaikum Wr Wb.

Sinartan puji syukur konjuk ing ngarsa dalem Allah SWT, dzat ingkang pantes sinembah sagung para titah.

Mugi pamoring kanugrahan, wahyuning katentreman tansah tumedhak-tumanduk dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula waradin sagung dumadi.

Para pinisepuh-ajisepuh ingkang pantes sinesep sarining kawruh ingkang tuhu kinabekten.

Bapa-ibu para tamu ingkang pantes hanampi sih pakurmatan.

Kados sampun ginelak gumingsiring nangsa kala, tumapaking gati sampun winanci, keparenga kula ingkang pinangka juru pambiyawara pahargyan Boyong Panganten, nenggih Bagus Abimanyu putra jalu bapa Harjunadi kaliyan Rara Ayu Siti Sundari putri siwi bapa Kresna Wardaya, nyuwun donga pangestu kula badhe hamiwiti laksitaning adicara.

Menggah tata-urutaning adicara makaten :

  • ingkang sapisan atur pambuka.
  • Urut kalih Panganten sarimbit prapteng wiwaraning sasana pahargyan.
  • Pasrah-panampi panganten sarimbit karacik adicara urut tiga.
  • Catur laksitawara upacara adat boyong : gepyokan, ngunjuk tirta wening, liru duwung (duwung ageming panganten jalu dipun liru duwung agemipun ingkang rama)
  • Sangsangan sekar-rinonce.
  • Kirab tumujweng sasana rinengga.
  • Panca gatra wacana : hastungkara pandonga.
  • Adicara urut nenem : atur pambagya wilujeng.
  • Lelangen Campursari (manawi wonten) karacik adicara urut pitu.
  • Ingkang pungkasan pinangka pratandha paripurnaning pahargyan, hambok bilih Sri Panganten sarimbit sampun kabedhol saking sasana palangkaretna.

Bapa-ibu para tamu ingkang winengku ing suka-rahayu, makaten reroncening adicara ingkang hangrenggani lampahing pahargyan.

Karana sampun handungkap wanci, keparenga kula badhe hangrempeli baka sawiji urut reroncening adicara ingkang sampun karacik.


Bapa-ibu   para    tamu    kadherekaken   pinarak   lenggah   kanthi   sumelehing   rasa, mardikaning panggalih.

Nuwun.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "contoh Atur pambagyo, pasrah manten, atur panampi, uopacara boyong"

Posting Komentar