CONTOH SAMBUTAN TILIK HAJI
Pidato Sambutan Tilik Haji
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Alhamdulillah, puji syukur tansah kita aturaken dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi rahmat, taufik, sarta hidayahipun, saéngga kita sedaya saged pinanggih kanthi sehat wilujeng ing papan punika.
Ingkang kinurmatan, Bapak Haji ..... saha Ibu Hajjah, saha para rawuh ingkang kinurmatan.
Kawula makili rencang2 dinas pendidikan ngaturaken sugeng rawuh malih dhumateng Bapak saha Ibu Haji.... saha ibu hajjah, sasampunipun nglampahi ibadah haji, ingkang dados rukun Islam kaping gangsal, ing tanah suci Mekah saha Madinah.
Alhamdulillah, panjenengan sampun kaparingan sih kawelasan saking Gusti Allah, saged nglampahi sadaya prosesi haji kanthi lancar, sehat, sarta kaparingi kawilujengan. Kula sak rencang saestu derek ngraosaken kabingahan ingkang tanpa upami.
Mugi ibadah haji panjenengan dipun tampi, mabrur saha maqbul, sarta saget ndadosaken pribadi ingkang langkung taat, luhur budi, sarta tansah ndadosaken tuladan kang sae tumrap kulawarga saha masyarakat.
Kawula sak rencang ugi nyuwun donga pangestu saking panjenengan sedaya, mugi ingkang dereng tindak haji dipun paringi kesempatan ing tembe wingking, saged nglampahi ibadah haji kados panjenengan.
Pungkasaning atur, kawula ngaturaken panuwun ingkang saestu, awit sampun kaparingi wekdal kangge tilik, sarta ngaturaken pangapunten bilih wonten lepat kulo sak rencang.
Mugi panjenengan tansah pinaringan kasarasan, kabagyan, kamulyan, saha berkah ing donya lan akhirat. Aamiin
Kawula aturi pantun
Wit kurma tuwuh ing gurun,
Kembang mekar mewangi ing taman.
Sugeng rawuh bapak/ibu haji mabrur,
Mugi slamet lan tambah iman.
Mekaten atur kawula. Menawi wonten lepat pangucap, kawula nyuwun pangapunten.
0 Response to "CONTOH SAMBUTAN TILIK HAJI "
Posting Komentar