contoh 1. pambiyawara upacara pangrupti layon, 2. pambagya pangruti layon, 3. atur panglipur sripah/ belo sungkowo
UPACARA PANGRUKTILAYA / SRIPAH
(Pambiyawara)
Karacik : H.Lanjar Puryanto Prodjo Bandono
Assalamu'alaikum Wr Wb.
Bapa-ibu para asungsih belasungkawa, boten kendhat ing wanci, boten mawas ing papan sumangga kula dherekaken muji syukur kunjuk ngarsa dalem Allah SWT Dzat Ingkang Anggelar Jagad ingkang tansah matedhakaken kawilujengan, kabegjan tuwin kabingahan mugi tumama warata panjenengan sadaya dalasan kula , minggahipun dhumateng kulawarga ingkang nandhang sungkawa.
Mati punika mesthi, tan bisa diselaki, najan kagedhongana tanpa guna, kakuncenana tan bisa suwala, wong mati mangsa wurunga.
Innalillahi Wainna illaihi roji'un.
Kados ingkang sampun kacetha ing serat duhkita-wara :
Sampun katimbalan marak mangayun Allahirobbi, panjenenganipun almarhum bapa Rahwana kanthi puput yuswa 96 tahun, rikala dinten Kamis Wage, Surya kaping 22 Mei 2025, wanci tabuh sekawan enjing, wonten ing Rumah Sakit Soeradji Tirtonegoro, Klaten kanthi tentrem.
Ibu-bapa para asungsih belasungkawa ingkang mahambeg darma, kados sampun dumugi wanci upacara pangruktining layon tumuli badhe kawiwitan.
Ingkang punika kula ingkang kadhawuhan dherekaken acara angkating layon, nyuwun donga pangestu lan nyuwun palilah Mugi lampahing upacara wiwit lekas ngantos pungkas tansah kalis ing rubeda, sepen ing panggodha.
Wondene urutaning adicara makaten :
- Sepisan atur pambuka,
- Tumuli waosan pustaka suci Al-Qur'an karacik adicara urut kalih,
- Kalajengaken adicara urut tiga atur pambagya wilujeng,
- Atur belasungkawa tuwin panglipur kaserat adicara urut sekawan,
- Kaping gangsal Do'a angkating layon, kalajengaken bidhaling layon,
- Dene ingkang pungkasan PANUTUP
Ibu-bapa para asungsih belasungkawa, makaten urutaning adicara ingkang sampun karacik, karana sampun dungkap ing wanci, sumangga upacara pangruktining layon tumuli kawiwitan kanthi kula dherekaken maos Basmalah sesarengan...Bismillahirohmanirrahim.
Mugi Allah SWT kepareng hanuntun lampahing upacara ngantos paripurna kanthi wilujeng.
Tumapak adicara urut kalih waosan pustaka suci Al-Qur'an, ingkang badhe kaaturaken sedherek Ismail, wanci saha papan kula aturaken.
(Makaten kalajengaken ngantos saurutipun...)
======================
Tuladha 2 :Karacik:H.LanjarPuryanto ProdjoBandono.
PAMBAGYA HARJA PANGRUKTI LAYA / SRIPAH
Assalamu'alaikum Wr Wb.
Muji syukur kunjuk ngarsa dalem Allah SWT, Gusti ingkang Paring Gesang, ingkang tansah matedhakaken sih nugraha kabegjan, kawilujengan lan kabingahan mugi tumama tumus tumanduk panjenengan sedaya dalasan kula, minggahipun dhumateng kulawarga ingkang nandhang sungkawa.
Innalillahi Wainna illaihi roji'un.
Kados ingkang sampun kabiyawara wonten ing serat duhkita wara :
Sampun murud ing kasedan jati marak ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi panjenenganipun almarhum bapa Rahwana, kanthi puput yuswa 96 tahun , rikala dinten Kamis Wage, Surya kaping 22 Mei 2025, wanci tabuh sekawan enjing, wonten ing Rumah Sakit Soeradji Tirtonegoro Klaten kanthi tentrem.
Ibu-bapa para asungsih belasungkawa ingkang kinurmatan, Kula ing ngriki pinangka sulih atur talanging basa saking ibu Rahwana lan sedaya putra wayah brayat ingkang nandhang sungkawa, ingkang sepisan ngaturaken pambagya wilujeng dhumateng bapa-ibu para takziah ingkang sampun kepareng rawuh nglonggraken wanci ngaturaken raos belasungkawa dhumateng kulawarga almarhum bapa Rahwana.
Mugi kasekecakna anggen panjenengan lelenggahan kanthi prayogi najan namung makaten kawontenanipun.
Wonten kirang trapsilanipun anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya, kulawarga panandhang nyuwun gunging samudra pangaksama.
Ingkang urut kalih ngaturaken panuwun dhumateng para sanak kadang, tangga tepalih, para mudha taruna lan sedaya para asungsih belasungkawa ingkang boten saged kula sebataken satunggal mbaka satunggal ingkang sampun paring dana pambiyantu bot-repotipun brayat panandhang.
Mugi-mugi danasih panjenengan pikantuk piwales ganjaran ingkang satimbang saking Allah SWT.
Salajengipun kula badhe ngaturaken riwayat ringkes duk rikala sugengipun almarhum.
Dene almarhum nandhang roga sampun sawetawis wekdal lan sampun boten kirang- kirang kulawarga anggenipun pados usada jampi murih waluyanipun almarhum, nanging pepesthening urip wonten astanipun Gusti Kang Murbeng Gesang, ngantos puputing yuswa 96 tahun wonten ing Rumah Sakit Soeradji Tirtonegoro.
Dene salira layu almarhum badhe kaleremaken wonten ing makam Gedhong , Basin. Almarhum nilar kulawarga : Garwa setunggal, Putra wonten sekawan, wayah wonten pitu.
Ingkang pungkasan mbok bilih para sanak kadang tangga tepalih ingkang taksih gadhahi petangan keparenga dipun cekapaken kaliyan kulawarga panandhang.
Cekap semanten atur kula, nglenggana kathah cecer-ceweting basa, kaladuk-cupeting ukara ingkang boten dadosaken renaning panggalih nyuwun pangapura.
Wanci kula aturaken wangsul dhumateng kadang pangendhali duhkitawara. Nuwun.
Wassalamu'alaikum Wr Wb.
=====================
Tuladha 3 :
ATUR BELASUNGKAWA / PANGLIPUR SRIPAH.
Assalamu'alaikum wr wb
Bapa-ibu lan sedaya para asungsih belasungkawa, mangga langkung rumiyin Kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT Gusti ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun kepareng mbabar kawilujengan, katentreman tuwin kabagas-warasan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumarambah kulawarga ingkang nandhang sungkawa.
Sedaya titah ingkang kadunungan napas tartamtu badhe nglampahi pejah. Mati iku mesthi, mati iku ora kena diselaki,Wong mati mangsa wurunga. Innalillahi wainna illaihi roji'un. Kabeh urip kang kumethip,
Sedaya gesang ingkang gumrangkang,
Sedaya titahing Gusti, manawi sampun katiti tibaning pasthi badhe katimbalan marak mangayun Allahirobbi.
Kados ingkang kasandhang almarhum bapa Rahwana sampun dumugi wanci katimbalan Gusti Ingkang Hanguripi.
Para takziah kakung-putri ingkang hamanggih suka-basuki.
Nuhoni atur kados ingkang sampun kabiyawara dening kadang pambiyawara, kula ingkang sinampiran sampur hamakili panjenengan sedaya para asungsih belasungkawa.
Estunipun kula awrat mundhi dhawuh ayahan punika, Awit kula mangertos bilih ingkang rawuh ing papan punika kathah priyagung ingkang baut mranata basa, wasis hangrakit ukara, parandene kula ingkang kadhawuhan matur.
Inggih sanajan namung mrica kecut sauni-uni, sakamat-kamat badhe kula lampahi.
Nanging hambok bilih atur kula mangke karaos sepen ing semu, sepa-sepi tanpa sari, malah kepara nglelingsemi, Kula nyuwun pangaksami.
Atur kula punika kula aturaken wonten ngarsanipun ibu Rahwana lan sedaya putra wayah kulawarga ingkang nandhang sungkawa.
- ingkang urut sepisan kula lan sedaya para kadang pelayat ndherek ngaturaken raos belasungkawa ingkang salebet-lebetipun awit sedanipun almarhum bapa Rahwana ingkang sampun katimbalan marak mangayun Allahirobbi.
- ingkang kaping kalih dherekaken jurung pandonga mugi-mugi arwahipun almarhum bapa Rahwana dipun paringi pangapura sedaya dosa kalepatanipun duk rikala gesang ing alam donya, dipun tampi sedaya amal kesaenanipun lan dipun papanaken wonten ing papan ingkang langkung tentrem-mulya katimbang papan ing alam donya.
- Ingkang urut tiga, sowan kula lan sedaya para kadang pelayat punika dadosa panglipur tuwin waluyan sawetawis tumrap kulawarga panandhang, mugi kaparingan ikhlas, sabar-tawakal, lila-legawa ing takdir.
Dhumateng brayat panandhang, makaten atur kula, pinangka pungkasaning atur kula nglenggana kathah cecer-ceweting basa, kasrimpeting parama sastra, Kula nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Wanci kula wangsulaken dhumateng kadang Pambiyawara. Wassalamu'alaikum Wr Wb.
0 Response to "contoh 1. pambiyawara upacara pangrupti layon, 2. pambagya pangruti layon, 3. atur panglipur sripah/ belo sungkowo"
Posting Komentar