khutbah jumat, keutamaan memebaca alquran -

hhttps://jateng.nu.or.id/khutbah/khutbah-bahasa-jawa-maos-al-qur-an-persiapan-numuju-ramadhan-r2oL4 

adirin jamaah Jumat rahimakumullah Sumangga kita sami ningkataken anggen kita iman lan taqwa dhumateng Allah. kanthi nindakake perintah-perintahipun lan nebihi cecegahan-cecegahanipun. Keranten iman lan taqwa menikalah dados margi ingkang lurus ingkang badhe nuntun kita dhateng kawilujengan lan kamulyan wonten ing donya lan akhirat. Gusti Allah dawuh wonten al-Qur'an : إِنَّ اللهَ هُوَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوهُ هٰذَا صِرَاطٌ مُسْتَقِيمٌ (الزخرف : 64) Artosipun: "Satemene Allah iku Pangeranku lan Pangeranira, mulane padha nyembaha sira marang Panjenengane!, iki meningko dalan kang lurus." Hadirin rahimakumullah Perlu dipun mengertosi bilih sapunika kita tasih wonten ing wulan Sya'ban ingkang ugi kalebet wulan ingkang dipun mulyaaken dening Allah. Sayyid Muhammad bin Alawi al-Maliki wonten salah setunggal kitab anggitanipun ingkang dipunwastani "Madza Fi Sya'ban" koco 44 maringi keterangan bilih wonten ing sebagian atsar dipunsebataken, wulan Sya‘ban sinebat “wulan Al-Qur’an”. Sampun maklum bilih maos Al-Qur’an punika prayogi lan dipunanjuraken ing saben wekdal, nanging langkung dipunkukuhaken ing wekdal-wekdal ingkang mulya lan mubarakah, kados ta wonten wulan Ramadhan lan Sya‘ban, ing Makkah al-Mukarramah, Raudhah, saha ing mangsa-mangsa sanes ipun ingkang dipun mulyakaken. Wonten kitab Lathaiful Ma'arif angitananipun al-Hafidz Ibnu Rajab al-Hanbali, juz I koco 135, dipun ngendikakaken bilih wulan Sya‘ban punika kados dene pambuko (muqaddimah) tumuju wulan Ramadhan, mila ing wulan punika dipunsyariataken ugi perkawis-perkawis ingkang dipunsyariataken ing wulan Ramadhan, kados ta poso saha maos Al-Qur’an; supados kawujud kesiapan kanggo nampi rawuhipun wulan Ramadhan ingkang mulyo, lan supados saged kabiasakaken lan katata angenipun nglampahi ibadah lan ketaatan dhateng Allah Kang Maha Asih wonten sasi Ramadhan ingkang agung. Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah Panjenenganipun Imam Ibnu Rajab al-Hanbali ngeriwayataken kanti sanad ingkang lemah saking sahabat Anas bin Malik ra panjenenganipun dawuh: كَانَ الْمُسْلِمُونَ إِذَا دَخَلَ شَعْبَانُ أَنكَبُّوا عَلَى الْمَصَاحِفِ فَقَرَؤُوهَا، وَأَخْرَجُوا زَكَاةَ أَمْوَالِهِمْ تَقْوِيَةً لِلضَّعِيفِ وَالْمِسْكِينِ عَلَى صِيَامِ رَمَضَانَ Artosipun: "Wong-wong Islam nalika sampun mlebet wulan Sya‘ban, sami sregep ngadhep mushaf Al-Qur’an lajeng sami maos, lan sami ngetokaken zakat saking bandhanipun, minangka upaya ngiyataken tiyang ingkang ringkih lan fakir miskin, supados nglampahi poso Ramadhan." Panjenenganipun ugi nyeriaosaken bilih ulama-ulama salaf sami ngendiko bilih wulan Sya‘ban punika wulanipun para pamaos Al-Qur’an. Dipun ngendikakaken bilih Amr bin Qais al-Mula’i menawi wulan Sya‘ban sampun mlebet, piyambakipun nutup warungipun, lajeng nyawisaken wekdalipun kanthi dipun kebaki kanggo maos Al-Qur’an. Jamaah jumat rahimakumullah Mekatenlah kawigatosanipun ulama-ulama salaf angenipun sawi maos Al-Qur'an wonten wulan Sya'ban sehinggo sasi Sya'ban dipun wastani sasi Qur'an minongko kesiapan kanggo nampi rawuhipun wulan Ramadhan ingkang mulyo wulan ingkang kebak ganjaran, lan supados saged kabiasakaken lan katata nglampahi ibadah lan ketaatan dhateng Allah khususipun maos al-Qur'an wonten sasi Ramadhan ingkang bade dugi sekedap malih. Hadirin rahimakumullah Moas Al-Qur'an puniko salah setunggal amalan ingkang ageng sanget ganjaranipun awit ganjaranipun dietang pinten aksoro ingkang dipun waos tasih diping sedoso kelipatanipun. Kados ingkang dipun ngendikakaken wonten hadits Saking ‘Abdullah bin Mas‘ud radhiyallahu ‘anhu, piyambakipun ngendika bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh: مَنْ قَرَأَ حَرْفًا مِنْ كِتَابِ اللَّهِ فَلَهُ بِهِ حَسَنَةٌ، وَالْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا، لَا أَقُولُ: الم حَرْفٌ، وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ، وَلَامٌ حَرْفٌ، وَمِيمٌ حَرْفٌ Artosipun: “Sintên kemawon ingkang maos satunggal aksara saking Al-Qur’an, badhe pikantuk satunggal kesaenan (ganjaran). Lan satunggal kabecikan punika badhe kaping sepuluh ganjaranipun. Kula boten ngendika bilih Alif Lām Mīm punika satunggal aksara, nanging Alif satunggal aksara, Lām satunggal aksara, lan Mīm ugi satunggal aksara.” (HR. At-Tirmidzi) Kejawi ganjaran ingkang agung, Al-Qur'an benjang wonten dinten kiamat bade nulungi (nyafangati) dhateng tiyang ingkang maos al-Qur'an. Kanjeng Nabi dawuh: اِقْرَءُوا الْقُرْآنَ فَإِنَّهُ يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيعًا لِأَصْحَابِهِ Artosipun: “Moco-o Al-Qur’an, awit Al-Qur’an punika badhe rawuh ing dinten Kiamat dados juru syafa‘at kangge para pamaosipun.” (HR Imam Muslim) Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah Mila saking punika, sumangga kita sedaya tansah sami ngatah-ngatah aken lan ngelatih dhiri kanggé istiqāmah maos Al-Qur’an, langkung-langkung wonten ing wulan Sya‘bān punika. Supados manah lan lisan kita sampun kabiasakaken maos Al-Qur’an nalika mlebet wulan Ramadhān, inggih punika wulan ingkang agung, wulan ingkang ganjaranipun dipun tikel-tikelaken ngantos sewu kaping. Mugi kita sedaya tansah pikantuk taufīq lan pitulungan saking Allah Subhānahu wa Ta‘ālā, sehingga wonten ing wulan ingkang mulya punika, kita sedaya dipun dadosaken kawula-kawula-Nipun ingkang mulya kanti nglampahi ibadah dan ketaatan. Lan mugi-mugi kito sedoyo mbenjang wonten dinten kiamat angsal safaate al-Qur'an. Āmīn. Amin. Amin. yā Rabbal ‘ālamīn.

Sumber: https://jateng.nu.or.id/khutbah/khutbah-bahasa-jawa-maos-al-qur-an-persiapan-numuju-ramadhan-r2oL4

___
Download NU Online Super App, aplikasi keislaman terlengkap! https://nu.or.id/superapp (Android/iOS)

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "khutbah jumat, keutamaan memebaca alquran -"

Posting Komentar