MC halal bihalal rt r7 tohudan wetan dan -lain lain

 

TEKS PRANATACARA HALAL BIHALAL RT 07 RW 04 TOHUDAN WETAN
1. Pambuka (Mukadimah) & Tembang Pambuka
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillahilladzi ja’alana minal 'aidin wal faizin, asyhadu alla ilaha illallah wa asyhadu anna Muhammadan ‘abduhu wa rasuluh.
Dhumateng panjenenganipun Bapak Rico Andaru selaku Ketua RT 07 RW 04 Tohudan Wetan ingkang dhahat kinurmatan.  Dhumateng para sesepuh, pinisepuh, saha tokoh masyarakat, sarta bapak-bapak, ibu-ibu, lan kanca-kanca mudha-mudhi warga RT 07 ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah ngaturaken puja saha puji syukur wonten ngarsa dalem Allah Swt. Awit saking sedaya sih nugraha lan kabegyan ingkang rumentah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal menika kita saged kempal manunggal wonten ing adicara Halal Bihalal RT 07 RW 04 Tohudan Wetan kanthi kawontenan sehat wal’afiat tanpa nir ing sambekala.
Shalawat sarta salam mugi tansah katetepaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw, ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing dinten kiamat mangke. Amin.
2. Maos Pratelan Adicara (Agenda)
Wonten ing mriki, keparenga kula minangka pranatacara badhe maosaken reroncenipun adicara Halal Bihalal ing wekdal menika:
  1. Adicara kapisan: Pambuka sarta Tembang Pambuka 
  2. Adicara kaping kalih: atur pambagyoharjo saking Bapak Ketua RT 07 (Bapak Rico Andaru) 
  3. Adicara kaping tiga: Waosan Ikrar Halal Bihalal (dipunpandegani dening Bapak Budi) 
  4. Adicara kaping sekawan: Waosan donga (dipunpandegani dening Bapak Udin) 
  5. Adicara kaping gangsal: Jabat asta (mushafahah) dipunlajengaken Foto Bersama 
  6. Adicara kaping enem: Pasugatan (Dhahar Kupat Sayur Ayam) sarta Ramah Tamah 
  7. Adicara kaping pitu: Panutup
Sumangga adicara menika kita bikak kanthi waosan basmalah sesarengan.
Bismillahirrahmanirrahim.
Mugi-mugi adicara menika saged lumaku kanthi lancar.
3. Atur pambagyoharjo Ketua RT (Bapak Rico Andaru)
Adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur pambagyoharjo saking Bapak Ketua RT 07. Dhumateng panjenenganipun Bapak Rico Andaru, wekdal saha papan kawula sumanggakaken.
(Sasampunipun pidato)
Matur nuwun dhumateng Bapak Rico Andaru ingkang sampun paring sesorah sarta pangandikan.
4. Ikrar Halal Bihalal (Bapak Budi)
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika waosan Ikrar Halal Bihalal warga RT 07 RW 04 Tohudan Wetan. Dhumateng para warga kasuwun jumeneng sawetawis, lan dhumateng Bapak Budi, wekdal saha papan kawula sumanggakaken.
(Sasampunipun ikrar)
Matur nuwun dhumateng Bapak Budi ingkang sampun mandegani ikrar, lan bapak ibu warga RT 07 kasuwun pinarak lenggah malih.
5. Waosan Donga (Bapak Udin)
Adicara kaping sekawan inggih menika waosan donga, minangka raos syukur lan panyuwunan kita dhumateng Gusti Allah Swt. Dhumateng panjenenganipun Bapak Udin, wekdal saha papan kawula sumanggakaken.
(Sasampunipun donga)
Matur nuwun dhumateng Bapak Udin, mugi-mugi donga kita sedaya dipunijabahi dening Allah Swt. Amin.
6. Jabat Asta (Mushafahah) lan Foto Bersama (Bapak Sidik / Bapak Yanto)
Adicara salajengipun inggih menika jabat asta utawi bersalaman minangka tanda pangapunten ingkang tulus. Salaman badhe dipunwiwiti saking para sesepuh, dipunlajengaken para warga.
Sasampunipun jabat asta, kasuwun dhumateng sedaya warga RT 07 supados mboten kesah rumiyin, amargi badhe dipunwontenaken Adicara Foto Bersama. Dhumateng Bapak Sidik sarta Bapak Yanto minangka petugas dokumentasi, wekdal saha papan dipunsumanggakaken kagem nata barisan.
(Sasampunipun foto)
Matur nuwun dhumateng Bapak Sidik lan Bapak Yanto ingkang sampun mbandhemaken potret kerukunan warga.
7. Pasugatan (Dhahar Kupat Sayur Ayam - Ibu-ibu RT 07) sarta Ramah Tamah
Sapunika kita nduki adicara ramah tamah. Saking Ibu-ibu panitia konsumsi warga RT 07 ingkang gemati, sampun sumadya lan dipun-sajekaken Pasugatan Tradisional Kupat Sayur Ayam ingkang nggadhahi filosofi ngaku lepat sarta sedaya lepat dipunapura. Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Ibu-ibu RT 07 awit saking gunging pambudidaya saengga pasugatan menika saged cumawis kanthi sae.
Dhumateng para warga, sumangga dipunrahapi pasugatan ingkang sampun cumawis kanthi mardikaning penggalih. Sugeng dhahar sesarengan.
8. Panutup & Atur Panuwun dhumateng Shohibul Bait
Bapak, ibu, sarta sedherek warga RT 07 ingkang kinurmatan, reroncenipun adicara sampun kaleksanan kanthi rancag lan regeng. Kula minangka wakil saking panitia, sepisan malih ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Eko Sugiharto sakulwarga ingkang sampun kersa nglonggari griya lan paring sedaya panyengkuyung.
Kula minangka pranatacara, mbok bilih wonten kelepataning atur sarta tindak-tanduk ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging pangaksami.
Sumangga adicara Halal Bihalal menika kita tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan.
Alhamdulillahirabbil 'alamin.
Wabillahi taufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


1. TEKS DONGA HALAL BIHALAL
(Dipunwaos dening: Bapak Udin)
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Sumangga bapak, ibu, sarta sedherek sedaya, kita manunggalaken karsa, nungkulaken sirah, nyenyuwun wonten ngarsa dalem Allah Swt. kanthi lila legawaning penggalih. Kagem ingkang muslim, sumangga kula dherekaken, lan kagem bapak ibu ingkang nggadhahi kapitayan sanes, kasuwun saged nyalarasaken miturut kapitayan piyambak-piyambak.
Audzubillahiminasyaitanirrajim. Bismillahirrahmanirrahim.
Alhamdulillahirabbil 'alamin, hamdan syakirin, hamdan na'imin, hamdan yuwaafi ni'amahu wa yukaafiu maziidah. Ya rabbana lakal hamdu kama yanbaghi li jalali wajhika wa 'adhimi sulthanik. Allahumma shalli wa sallim 'ala sayyidina Muhammadin wa 'ala ali sayyidina Muhammad.
Yaa Allah Yaa Ghafur, Ingkang Maha Pengampun,
Wonten ing dinten ingkang kebak berkah menika, wonten ing adicara Halal Bihalal warga RT 07 RW 04 Tohudan Wetan,  kita sedaya ngakeni dhumateng ngarsa Alloh bilih kita menika nggadhahi kathah kaluputan, dosa, sarta kekirangan. Mugi Gusti kersa ngapunten sedaya dosa kita, dosa tiyang sepuh kita, sarta dosa para warga RT 07 sedaya, sae ingkang dipun-sengaja utawi mboten dipun-sengaja.
Yaa Allah Yaa Rahman Yaa Rahim, Ingkang Maha Asih,
Mugi Gusti kersa nampi amal ibadah siyam Ramadhan kita, sarta nampi ikrar Halal Bihalal ingkang nembé kemawon kita ucapaken. Resikaken manah kita saking raos jengkel, dendam, srei, sarta dreki. Dadosaken dinten menika minangka sarana kagem kita sedaya sami-sami ngapuntenaken setunggal lan setunggalipun, saengga kita saged wangsul suci kados dene bayi ingkang nembé lair.
Yaa Allah Yaa Jamii’, Ingkang Maha Manunggalaken,
Gusti ingkang murbeng dumadi, mugi kersa njagi sarta ngiyataken tali silaturahmi, karukunan, lan paseduluran ing antawisipun warga RT 07 RW 04 Tohudan Wetan. Tebihaken kampung kita saking pasulayan sarta perpecahan. Dadosaken warga RT 07 menika warga ingkang guyub rukun, ayom, ayem, lan tentrem, sarta tansah pinaringan berkah lan rejeki ingkang melimpah saking ngarsa-Mu.
Yaa Allah Yaa Razzaq,
Mugi Gusti paring piwales kabecikan ingkang tikel matikel dhumateng Bapak Eko Sugiharto sakulwarga ingkang sampun nyediakaken papan panggenan, dhumateng Ibu-ibu RT 07 ingkang sampun nyawisaken pasugatan kupat sayur, sarta sedaya warga ingkang pados panyengkuyung adicara menika.
Rabbana taqabbal minna innaka antas samii'ul 'aliim, wa tub 'alaina innaka antat tawwabur rahiim.
Rabbana atina fiddunya hasanah, wa fil akhirati hasanah, wa qina 'adzabannar.
Subhana rabbika rabbil 'izzati 'amma yashifun, wa salamun 'alal mursalin, wal hamdulillahi rabbil 'alamin.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


TEKS TAUSIAH (KULTUM) HALAL BIHALAL
(Saged dipunwaos dening Ustadz / petugas ingkang dipun-tunjuk)
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillahilladzi arsala rasulahu bil huda wa dinil haqq, liyudzhirahul 'aladdini kullih, wa kafa billahi syahida. Asyhadu alla ilaha illallah, wa asyhadu anna Muhammadan 'abduhu wa rasuluh.
Dhumateng panjenenganipun Bapak Rico Andaru selaku Ketua RT 07, para sesepuh, pinisepuh, sarta bapak, ibu, lan sedherek warga RT 07 RW 04 Tohudan Wetan ingkang dipun-mulyaken dening Allah Swt.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah Swt, saengga kita saged kempal manunggal wonten ing swasana ingkang kebak kabagyan lan kerukunan menika.
Bapak Ibu warga RT 07 ingkang kinurmatan,
Wonten ing sasi Ramadhan ingkang nembé kemawon kesah, kita sedaya sampun nindakaken ibadah siyam kagem nggayuh paseduluran kaliyan Gusti Allah, utawi Hablum minallah. Ananging, menungsa menika mboten saged uwal saking kaluputan dhumateng sesami, utawi Hablum minannas. Dosa dhumateng sesami menungsa mboten badhe dipun-apunten dening Allah Swt, kajaba kita piyambak ingkang sami-sami ikhlas ngapura-ingapura lumantar silaturahmi.
Gusti Allah Swt. sampun paring dhawuh wonten ing Al-Qur'an, Surat An-Nisa ayat 1:
وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
“Wattaqullahalladzi tasa-aluna bihi wal-arham, innallaha kana ‘alaikum raqiba.”
Tegesipun: "Lan wedi-wedia marang Allah kang kalawan (jeneng)-E sira padha silih njaluk, lan (peliharalah) hubungan silaturahmi. Saktemene Allah iku tansah njaga lan ngawasi sira kabeh."
Ayat menika ngengetaken kita bilih njagi sesambungan paseduluran utawi tali silaturahmi menika kalebet perintah agami ingkang kedah dipun-gatosaken.
Mboten namung menika, Rasulullah SAW ugi paring dumateng kita sedaya ngenani kautamanipun tiyang ingkang remen silaturahmi, kados dene ingkang kasebat wonten ing Hadits Shahih Bukhari lan Muslim:
مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ، وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ، فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ [1]
“Man ahabba an yubsatha lahu fii rizqihi, wa yunsa-a lahu fii atsarihi, falyashil rahimahu.”
Tegesipun: "Sapa wongé kang pengin dipun-jembaraken rejekiné lan dipun-dawakaken umuré (dipun-paringi berkah ing uripé), mangka becik nyanbungna tali silaturahmi."
Saking dalil Al-Qur'an lan Hadits menika, cetha sanget bilih adicara Halal Bihalal kados siyang/dalu menika nggadhahi ganjaran lan mupakat ingkang ageng sanget kagem kita warga RT 07. Saliyane nggugurake dosa marang tangga, silaturahmi menika saged dados dalan jembaring rejeki lan berkahing umur.
Wonten ing ngarsa kita, sampun sumadya Pasugatan Kupat Sayur Ayam. Kupat menika nggadhahi filosofi Ngaku Lepat (mengakui kesalahan) sarta Laku Papat (lebaran, luberan, leburan, laberan).
Mila saking menika, sumangga kita buwang raos jengkel utawi gela ingkang wonten ing dodo. Ayo kita rajut malih tali paseduluran warga RT 07 RW 04 Tohudan Wetan supados dados kampung ingkang "Gemah Ripah Loh Jinawi, Toto Titi Tentrem Kerto Raharjo".
Mekaten tausiah ingkang saged kula aturaken, menawi wonten klenta-klentunipun atur sarta pocapan ingkang kirang mranani, kula nyuwun agunging pangaksami.
Wabillahi taufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.



TEKS IKRAR HALAL BIHALAL WARGA RT 07 RW 04 TOHUDAN WETAN
(Dipuntuntun dening: Bapak Budi)
Bapak Budi (Miwiti):
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dhumateng para sesepuh, pinisepuh, sarta bapak, ibu, lan sedherek warga RT 07 sedaya, kasuwun jumeneng sawetawis. Mangga dipuntirwaken nopo ingkang kula waosaken:
(Bapak Budi maosaken saben larik, dipuntirwaken dening sedaya warga)
Bismillahirrahmandirrahim,
Kepareng bapak, ibu, sarta sesepuh sedaya..., 
Kula minangka warga RT kosong pitu...Ngaturaken sugeng riyaya Idul Fitri...
Taqabbalallahu minna wa minkum... ,Kanthi lila lan legawaning penggalih...
Kula ngaturaken sedaya kaluputan lan kelepatatan kula..., Sae ingkang dipun-sengaja...
Utawi ingkang mboten dipun-sengaja..., Saking pocapan, tindak-tanduk, sarta pratingkah...Ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya...,
Mugi bapak, ibu, lan sesepuh...Kersa paring pangapunten dhumateng kula...
Kosok wangsulipun..., Sedaya kelepatan panjenengan dhumateng kula...
Kanthi tulus lan ikhlasing manah..., Sampun kula apuntenaken...
Mugi-mugi Gusti Allah Swt... ,Nglebur sedaya dosa kita...
Lan ngiyataken tali paseduluran...,Warga RT kosong pitu RW kosong sekawan...
Supados tansah guyub rukun lan berkah.
Amin, Yaa Rabbal 'Alamin.
(Warga nirwaken)
Bapak Budi (Nutup):
Matur nuwun, ikrar sampun kaleksanan. Mugi-mugi manah kita tansah resik lan paseduluran kita sansaya erat. Dhumateng bapak ibu lan para warga, kasuwun pinarak panggahan.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


Teks Tausiah Halal Bihalal RT 07 RW 04 Tohudan Wetan (Versi Ringkas & Jangkep)
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Sugeng dalu/siang, salam sejahtera kagem kita sedaya. Shalom, Om Swastyastu, Namo Buddhaya, Salam Kebajikan.
Alhamdulillahirabbil ‘alamin, washalatu wasalamu ‘ala asyrafal anbiya’i wal mursalin, sayyidina wa maulana Muhammadin, wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’in. Amma ba’du.
Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Ketua RT 07 RW 04 Tohudan Wetan dalah jajaran kepengurusanipun. Ingkang satuhu kinurmatan para sesepuh, tokoh agami, lan para tamu undangan sedaya, ingkang Muslim menapa dene sederek-sederek kawula ingkang non-Muslim.
Puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit saking rahmat-Ipun kita saged kempal manunggal wonten ing acara Halal Bihalal punika kanthi sehat walafiat, sehat lahir, batin,  Amin.
Bapak, Ibu, dalah Sederek-sederek ingkang minulya,
Tradisi Halal Bihalal punika warisan luhur KH. Abdul Wahab Chasbullah, salah satunggaling pendiri Nahdlatul Ulama rikala taun 1948. Istilah punika namung wonten ing Indonesia. Ancasipun inggih punika kagem "ngalalaken" utawi mutusaken sedaya kalepatan ingkang nate kelakon.
Gesang tetanggan wonten RT 07 punika mesthi wonten gesekan sekedhik sedkedik. . Lewat momentum punika, sedaya perkawis wau kita nol-kan malih. Kita sami paring pangapunten. Nanging nyuwun pangapunten, menawi sambetan arta utawi utang, tetep kedah dipun cicil nggih, bapak-bapak? Mboten saged lunas mawi salaman kemawon.
Bapak, Ibu ingkang kulo hormati,
paseduluran punika mboten namung winates kagem ingkang nunggal agami. KH. Achmad Siddiq, nate mulangaken tigang konsep paseduluran (ukhuwah):
  1. Ukhuwah Islamiyah: Paseduluran sesami umat Islam.
  2. Ukhuwah Wathaniyah: Paseduluran sebangsa lan Setanah Air.
  3. Ukhuwah Basyariyah: Paseduluran sesami umat manungsa.
Rawuhipun panjenengan sedaya ing siang punika, ingkang Muslim dalah non-Muslim, punika bukti nyata saking Ukhuwah Wathaniyah lan Basyariyah.
Kita gesang sesandingan wonten Tohudan, Colomadu. Menawi kita nembe kesusahan jam kalih dalu, ingkang sepisanan dhateng ngetok konten omah punika mboten sederek kandung ingkang wonten luar kota, nanging tetangga sebelah omah kita piyambak, mboten preduli punapa agaminipun.
Wonten ing Islam wonten prinsip: "Lakum dinukum wa liyadin"—kagem panjenengan agami panjenengan, kagem kawula agami kawula. Soal ibadah dhumateng Gusti, jaluripun piyambak-piyambak. Nanging menawi perkawis aspal radosan RT ingkang risak, iuran sampah, dalah ronda dalu, jaluripun sami! Mboten wonten "aspal mligi Muslim" utawi "got mligi non-Muslim". Kados dene Piagam Madinah ingkang dipun-gagas Kanjeng Nabi Muhammad SAW, sedaya warga mboten preduli benten agami gadhah hak lan kuwajiban ingkang sami kagem njagi kuthane.
Mila saking punika, mangga kita bekta kondur tigang perkawis saking acara punika:
  • Penggalih ingkang Jembar: Sami paring pangapunten lair lan batos, mboten wonten grundelan wonten wingking.
  • Guyub Rukun: Njagi RT 07 supados tetep adem, ayem, lan tentrem.
  • Sami Peduli: Menawi masak gandanipun eco, piringipun nggih mampir dhateng sebelah, ampun namung gandanipun kemawon ingkang liwat.
Agami pikantuk benten, nanging menawi perkawis dhaharan jajan pasar dalah soto wonten acara RT, selera kita tetep sami nggih punika: selera gratisan lan selera nambah!
Mugi-mugi, Gusti Allah SWT tansah paring berkah kemakmuran, kasarasan, dalah katentreman kagem sedaya warga RT 07 RW 04 Tohudan Wetan tanpa wonten ingkang dipun-bentenaken.
Kawula pribadi, mbok bilih wonten kalepatan anggenipun matur, utawi guyonipun wonten ingkang kirang mranani wonten penggalih, kawula nyuwun agunging pangaksami. Mugi-mugi rukun slamet sedayanipun.
Wabillahi taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Pantun Pembuka (Ditempatkan setelah sapaan hormat/sebelum puji syukur):
Tuku kripik wonten ing kitha mriki,
*Mampir Colomadu mundhut jenang.
Warga RT pitu pancen nyenengke ati,
Sami kempal rukun, pasuryane sumringah padhang.

Pantun Penutup (Ditempatkan tepat sebelum kalimat "Mugi-mugi, Gusti Allah SWT..."):
Mangan soto lawuhe krupuk,
Sotone seger, mangkok-e resik.
Agama benten tetep saged jethuk,
RT pitu pancen mboten wonten sing nggasruk (klik).
(Catatan: "Mboten wonten sing nggasruk" artinya tidak ada yang bertengkar/saling senggol).
Golek kayu nggoné Pak Mamat,
Kanggo ndandani lawang sing rusak.
Mugi Tohudan Wetan tansah slamet,
Wargane rukun, uripe kepenak.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "MC halal bihalal rt r7 tohudan wetan dan -lain lain"

Posting Komentar