contoh mc pranata cara pamitan haji/umroh

contoh blog yang mengulas umroh dan haji https://asiatour.co.id/ 

contoh 


Assalamu’alaikum Wr wb
Bismillahirrahmanirrahim.Alhamdulillahirabil ‘almin. ashalatu wassalmu’ala asrafil mursalin,  sayidina wamaulana muhammadin, wa’ala alihi washahbihi   ajma’in.

Rabisrahli shaddri, wayas sirli amri, wahlul’udatan milisani, yafqahu qauli ama ba’du.

Dhumateng para pinisepuh sesepuh ingkang kinabekten 

Dhumateng Bapak Ibu jamaah yasin Ingkang kinurmatan
Saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang winantu suka ing basuki

sakderengipun acara kawiwitan sumangga kula saha panjenengan sedaya ngaturaken puja puji syukur Dhumateng Ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Asih ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, hidayah, saha inayahipun dhumateng kula saha panjenengan, sahingga panjenengan sedaya saget rawuh wonten Adicara PAMITAN Umroh, ing dalem ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Sholawat saha salam kunjuk Dhumateng junjungan kitosedaya, Nabi Agung Muhammad SWA. Ingkang dipuntengga safaatipun wonten ing yaumul kiamah.

Saderengipun adicara kawiwitan, keparenga kula pranatacara badhe maosaken menggah reruncening adicara ing wekdal menika.

Adicara kaping setunggal inggih menika Pambuka
Adicara kaping kalih inggih menika  inggih menika Atur pambagyaharja saha pamitan umroh ingkang badhe dipun salirani dening Bapak ........
Aducara Ingkang kaping tiga inggih menika  Pengaosan  maos yasin tahlil sekalian doa , ingkang mangke dipun pimpin Bapak Maryono.

Adicara ingkang kaping sekawan istirahat
Adicara Ingkang kaping pitu inggih menika panutup.

Para rawuh ingkang sinuba ing pakurmatan menika wau menggah reruncening adicara PAMITAN HAJI, IBU SUKEKSI BINTI PASWIRO TOENGGONO SAHA MBAH TARUN KARTOIRONO ing wekdal menika.

Para Rawuh ingkang kinurmatan tumapak adicara ingkang angka setunggal inggih menika Pambuka, minangka pratandha pambukaning adicara sumangga, adicara ing wekdal menika kawiwitan kanthi waosan BASMALAH sesarengan Kula derekaken. Sumangga BISMILAHIROHMANNIROHIM.
=============================
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmalah menika, adicara ing wekdal menika saget kalampahan kanthi sae boten wonten alangan satunggal menapa.

Para Rawuh ingkang kinurmatan tumapak Adicara salajengipun inggih menika Atur Pambagyaharja  ingkang Badhe dipunsalirani dening Bapak ......, Dhumatheng Bapak ...... kula sumanggaaken.
=============================
Matur Nuwun Dhumateng .... ingkang sampun paring Atur Pambagyaharja 
Para Rawuh Ingkang kinurmatan tumapak Adicara saklajengipun nuninggih Pengaosan waosan yasin tahlil doa /tausiah  ingkang badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Maryono, Dhumateng Bapak ....... Kula sumanggaaken.
=============================
Matur nuwun Dhumateng Bapak Maryono ingkang sampun paring tausiah. Para rawuh Kanthi tausiah menika mugi-mugi saged manfaat, saha sageh dipun pendhet hikmahipun  dhumateng kula saha penjenengan sedaya. Amiin.

Para Rawuh ingkang kinurmatan tumapak adicara saklajengipun nun inggih istirahat. , kasuwun Dhumateng poro kadang seksii komsumsi wekdal kulo aturaken .sumangga

=============================

Para Rawuh Ingkang Kinurmatan, adicara salajengipun inggih menika panutup. Ananging saderengiupun adicara ing wekdal menika dipunpungkasi, kula minangka pranatacara menawi anggen kula nglantaraken lampahing adicara ing wekdal menika kathah klenta-klentuning atur, saha solah bawa ingkang boten mranani wonten ing penggalih panjenengan sedaya kula namung saget Nyuwun Agunging Pangapunten. Nuwun. Para rawuh Sedaya Ingkang kinurmatan Sumangga Adicara ing wekdal menika dipunpungkasi kanthi waosan TAHMID sesarengan, Kula dhereaken, Sumanggaa. ALHAMDULILAHIRABILALAMIN

Cekap Semanten Atur kula

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "contoh mc pranata cara pamitan haji/umroh"

Posting Komentar