Bowo langgam ngimpi, bowo wuyung, caping gunung, ngujiwat, nyidamsari (https://syairlagucampursari.wordpress.com/)
(https://syairlagucampursari.wordpress.com/
Category: Bowo
Rembulane sumunar ndhadhari
Lintang-lintang angebak’i tawang
Pating gelebyar cahyane
Wanci ratri wus larut
Swara angin semribit ngidit
Saya nggegerit manah
Wong kang nandhang wuyung
Ketaman lara asmara
Dhuh kusuma wilangan sanga lan kalih
Mugi welas mring kula
Ngambara ing awang-awang
Angelangut bebasan tanpa tepi
Narabase mega mendhung
Miber ngideri jagad
Ngulamndara nglembara ngubengi gunung
Ketungkul ngumbar gagasan
Satemah digawa ngimpi
Bawa Caping Gunung
Saben bengi nyawang konang
Yen memajang mung karo janur kuning
Kembang wae weton nggunung
Pacitan sarwi jenang
Panas udan aling-aling caping nggunung
Nadyan wadon sarta lanang
Inumane banyu bening
Bawa langgam Ngujiwat
Pangkur
Dhuh nimas mustikaning wang
Kang ngujiwat maweh reseping ati
Tetulunga raga ningsun
Kang kataman asmara
Esem ira nyirnakke lungkrah lan lesu
Ngilangke rasa kang samar
Tresnaku sundhul wiyati
Bawa Nyidhamsari
Dhuh wong ayu… pepujaning ati
Kaya ngene rasane wong nandhang asmara
Apa ta awakku dhewe
Dhuh dewa Jawata Gung
Welasa mring awak mami
Besuk kapan katekan
Jejer lan wong ayu
Umpamakna nahkodha
Tanpa prau sasad ora den pepetri
Ngidhamsari asmara
0 Response to "Bowo langgam ngimpi, bowo wuyung, caping gunung, ngujiwat, nyidamsari (https://syairlagucampursari.wordpress.com/)"
Posting Komentar