TATA UPACARA BOYONG PANGANTEN (Atur pambuka Juru Pambiyawara)
TATA UPACARA BOYONG PANGANTEN (Atur pambuka Juru Pambiyawara)
Assalammu'alaikum Wr Wb.
Sinartan puji syukur konjuk ing ngarsa dalem Allah SWT, dzat ingkang pantes sinembah sagung para titah. Mugi pamoring kanugrahan, wahyuning katentreman, tansah tumedhak-tumanduk, dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula waradin sagung dumadi.
Para pinisepuh-ajisepuh ingkang pantes sinesep sarining kawruh, ingkang tuhu kinabekten. Bapa-ibu para tamu ingkang pantes hanampi sih pakurmatan.
Kados sampun ginelak gumingsiring nangsa kala, tumapaking gati sampun winanci, keparenga kula ingkang pinangka juru pambiyawara pahargyan Boyong Panganten, nenggih Bagus Abimanyu putra jalu bapa Harjunadi kaliyan Rara Ayu Siti Sundari putri siwi bapa Kresna Wardaya, nyuwun donga pangestu kula badhe hamiwiti laksitaning adicara.
Menggah tata-urutaning adicara makaten :
- Ingkang sapisan atur pambuka.
- Urut kalih Panganten sarimbit prapteng wiwaraning sasana pahargyan.
- Pasrah-panampi panganten sarimbit karacik adicara urut tiga.
- Catur laksitawara upacara adat boyong : gepyokan, ngunjuk tirta wening, liru dhuwung. (dhuwung ageming panganten jalu dipun liru duwung agemipun ingkang rama). - Sangsangan sekar-rinonce. - Kirab tumujweng sasana rinengga. -
- Panca gatra wacana : hastungkara pandonga.
- Adicara urut nenem : atur pambagya wilujeng.
- Lelangen Campursari (manawi wonten) karacik adicara urut pitu.
- Ingkang pungkasan pinangka pratandha paripurnaning pahargyan, hambok bilih Sri Panganten sarimbit sampun kabedhol saking sasana palangkaretna.
Bapa-ibu para tamu ingkang winengku ing suka-rahayu, makaten reroncening adicara ingkang hangrenggani lampahing pahargyan.
Karana sampun handungkap wanci, keparenga kula badhe hangrempeli baka sawiji urut reroncening adicara ingkang sampun karacik.
Bapa-ibu para tamu kadherekaken pinarak lenggah kanthi sumelehing rasa, mardikaning panggalih. Nuwun.
0 Response to " TATA UPACARA BOYONG PANGANTEN (Atur pambuka Juru Pambiyawara) "
Posting Komentar