1. Atur Pasrah panganten/sarat sarana, 2. tampo pasrah/sarat sarana, 3. "ATUR PANGAYUBAGYA"

SANGU KANGGE  
Tuladha : ATUR PASRAH (PANGANTEN & SARAT SARANA) 
 
Assalamu'alaikum Wr Wb.  
Puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, dzat ingkang Murbeng Gesang, hawit sih Rahmat, tuwin hidayahipun, ingkang sampun rumentah ,hambabar kabingahan, katentreman, Saha kawilujengan, mugi tansah tumedhak, tumanduk, dhumateng panjenengan sedaya, dalasan kula, waradin sedaya kulawarga.   
Para pinisepuh ingkang dahat pinundhi, ingkang tansah kula bekteni, bapa-ibu ingkang tansah winengku ing sukarahayu, mliginipun konjuk Bapa Kresna Wardaya sekaliyan ingkang tuhu bagya-mulya.   Sowan kula pinangka sulih sarira, talanging basa saking Bapa Harjunadi, ingkang lenggah ing dalem Nglarang, Desa Basin, Kecamatan Kebonarum, kinen matur wonten ngarsanipun Bapa Kresna Wardaya lumantar bapa ingkang kepareng hamakili.   Namung saderengipun hambok bilih ing mangke wonten kaladuking atur, cupeting pangucap, ingkang boten damel sarjuning wardaya, kula nyuwun gunging pangaksama.   
 
Atur kula ingkang sepisan, ngaturaken salam taklim kawilujengan kanthi atur Assalamu'alaikum Wr Wb. mugi sih tentrem rahayu tansah cumondhok, kajiwa-kasalira Bapa Kresna Wardaya sakulawangsa. 

Atur ingkang urut kalih, kula ngaturaken sih pranata upakarti sarat-sarana jangkeping adat palakrama ingkang kula boten saged milang satunggal baka satunggal, namung karingkes awujud boga, busana tuwin redana arta ingkang boten mingsra, mugi katampiya kanthi suka renaning wardaya, ing pangajab mugi dadosaken raket-supeketipun kekadangan ingkang sami bebesanan.  
 
Ingkang urut tiga, kula nglarapaken putra panganten kakung, nuninggih anakmas Bagus Abimanyu, atmaja jalu Bapa Harjunadi ingkang lenggah ing kampung Nglarang, Desa Basin, Kecamatan Kebonarum, kula sumanggakaken wonten ngarsanipun Bapa Kresna Wardaya anggenipun badhe hamisudha nut satataning adat widi-widana kaliyan anak angger Rara Siti Sundari.   Kula namung Dherek jurung pandonga mugi putra panganten kekalih gesang atut-runtut, kinemulan bagya-mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah.   
Ingkang salajengipun, mbok bilih samangke pahargyan sampun dungkap paripurna kula nyuwun pamit, nyuwun donga pangestu mugi lampah kula sapangombyong manggih widada ing marga, dumugi griya pinanggih kulawarga kanthi wilujeng.   
Pungkasaning atur, kula nglenggana kathah cecer ceweting basa, kaladuking ukara, inggih Awit saking andhaping pawiyatan, kiranging seserepan, tadhah duka nyuwun agunging pangaksama.   
Makaten lan semanten, wanci kula aturaken wangsul dhumateng kadang pangendhali wara. 
Nuwun.   
========================================================
 
2.  TAMPI PASRAH MANTÈN  & SARAT SARÅNÅ 
 
Assalamu'alaikum Wr Wb. 
Sanggya pårå rawúh kakúng sumawånå putri íngkang winêngku íng bagyå múlyå. 
Sinartan bówó raós íngkang lêbêt, íng ari palênggahan mênika : 
Kapisan, kulå sinambút karyå piniji íng gati, minóngkå sulíh salirå båpå Agús Anggóró Sigít kaliyan ibu Suwarsíh Handarbèni, kinèn hanampi atur pasrah têmantèn kanthi bówó raósing manah, miwah sarat sarånå gêmblêng hanggènnya jêjodhowan sakíng båpå Hèri Budi Púrwantó hakaliyan ibu Èny Púrbaníngrúm.  
Bilíh salam ta’lím sakíng båpå Hèri Budi Púrwantó hakaliyan ibu Èny Púrbaníngrúm kulå tampi kanthi atúr : wa’alaikum salam wr.wb., mugi båpå Hèri Budi Púrwantó sakulawångså ugi tansah jinangkúng íng kêslamêtan, kabagaswarasan miwah karahayón sakíng Gústi kang Måhå Suci,  
Íngkang kaping kalíh, pasrah sakíng båpå Hèri Budi Púrwantó hakaliyan ibu Èny Púrbaníngrúm mênggah pêngantèn jalu, pún Bagús Bambang Prakóså íngkang supadós kapanggíhakên hakaliyan Dèwi Éndhang Sukrisni, putri siwi bapa Agús Anggårå Sigít hakaliyan ibu Suwarsih Handarbèni, kulå tampi, lan badhé kulå panggíhakên kanthi adat widi widånå íngkang taksíh lumampah íng mriki. 
Kulå saèstu-èstu ngatúrakan gungíng panuwún íngkang dhatan pêpindhan, konjúk Båpå Hèri Budi Purwantó sêkaliyan, hawít sampún paríng sakathahíng bogå, wastrå dalah èdèn-èdèníng dhêdhaharan íngkang mawarni-warni, kang botên sagêd kawécå íng lisan, íngkang matikêl-tikêl ngantós bótên sagêd ginarbå sêdayanipún, sêtunggal mbåkå sêtunggal. 
Jangkêp atúr kulå íngkang kapíng tigå, bilíh saparipúrnaning pahargyan prasajå íng siyang mangké, sakíng kêrsånipún Båpå Hèri Budi Púrwantó sagotrah ngêrsaakên kondúr, botên langkúng kulå namúng sagêd hanyumanggaakên, miwah handhèrèkakên wilujêng kondúr, mugi tansah kalís sakíng pringgåbayaníng margi, dumugi ndalêm sowang-sowang kanthi rahayu, slamêt, pinanggíh kulåwargå kinasíh. 
Wasånå, nglênggånå bilíh anggèn kulå matúr sakíng púrwå, madyå lan wasananipún kathah íngkang botên satraju lan botên salaras íng manah, nyuwún diagúng íng pangaksami kanthi lêbdaning panggalíh.    
Wassalamu'alaikum Wr Wb. 
======================================================
3.  Tuladha : "ATUR PANGAYUBAGYA" 
 
Assalamu'alaikum Wr Wb.   
Bapa-ibu, para tamu ingkang winengku ing suka rahayu, linangkung para sesepuh, aji sepuh ingkang sampun bun-tas salwiring kawruh.   
Para adi lenggah kakung-putri, barayagung ingkang hamanggih suka basuki, langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur pangalembana wonten ngarsa dalem Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, ingkang sampun paring katentreman, kawilujengan tuwin kabagas-warasan, mugi tumama tumus tumanduk dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, waradin sedaya kulawarga.   
Bapa-ibu para tamu ingkang pantes hanampi sih pakurnatan, kula ingkang pinangka sulih sarira, hamakili atur panjenenganipun bapa Kresna Wardaya, kinen hangaturaken wigatosing perlu.   Namung hambok bilih atur kula mangke pinanggih sepen ing semu, sepa ing rasa, sepi tanpa sari, malah kapara nglelingsemi, mugi diagung ing pangaksami.   Bapa-ibu, ingkang sepisan, kula ngambali atur, ngaturaken pambagya wilujeng awit keparengipun rawuh bapa-ibu para tamu sedaya, mugi kasekecakna anggen panjenengan lelenggahan kanthi sumelehing rasa-mardikaning panggalih.     
Ingkang urut kalih, kula ngaturaken agenging panuwun, bapa-ibu sampun kepareng rawuh paring donga pangestu dhumateng anak kula panganten kekalih, nenggih Rara Ayu Siti Sundari, putri siwi bapa Kresna Wardaya kaliyan Bagus Abimanyu putra jalu bapa Harjunadi ingkang lenggah ing kampung Nglarang, Desa Basin, Kecamatan Kebonarum.   Dene ijab qabul sampun kalampahan kanthi wilujeng tanpa pambeng, rikala dinten Sabtu Wage, surya kaping 17 Mei 2025, mapan wonten ing Kantor Urusan Agama Kecamatan Kebonarum.   Malah kapara putra panganten sarimbit sampun nampi partisara kekancinging palakrama pinangka tandha yekti sampun sah menggah wewarah agami punapa dene pranataning nagari.   
Ingkang salajengipun, nyuwun donga pangestu, mugi putra panganten kekalih anggenipun nyatangi bahitaning kulawarga, njejegaken adeging bale wisma tansah kukuh bakuh santosa, manggih gesang ingkang bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah.
 
Dene ingkang urut tiga, bapa Kresna Wardaya ngaturaken panuwun dhumateng sanak-kadang, mitra rowang, tangga tepalih, lan para kadang mudha-mudhi wiranem tuwin sedaya bapa-ibu para panawung kridha ingkang boten saged kula sebataken satunggal mbaka satunggal ingkang sampun kepareng paring sabiyantu ingkang awujud bahu suku, panggalih iguh pratikel lan sanes-sanesipun.         
Mugi sih kadarman pnjenengan, pikantuk leliru ingkang satraju saking Gusti Ingkang Maha Hayu.  
Ingkang pungkasan, bapa Kresna Wardaya nglenggana anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya, wiwit ngaturi palenggahan punapa dene pasugatan, ingkang kirang damel renaning panggalih panjenengan, najanta tebih sampun karancang dangu, sampun karonce, parandene taksih kathah kirang lan cingkrangipun, kanthi punika nyuwun agunging samudra pangaksami.   
Para pinisepuh, sesepuh ingkang pantes sinesep sarining kawruh, bapa-ibu para tamu ingkang hamanggih suka rahayu, makaten lan semanten atur kula pinangka sulih raga bapa Kresna Wardaya, kula ugi nglenggana kathah tutur ingkang kalantur, basa ingkang singlar saking parama sastra, mugi diagung ing pangaksama.   Wanci kula konduraken wangsul dhumateng kadang pangendhali wara, nuwun.   Wassalamu'alaikum Wr Wb.   
 

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "1. Atur Pasrah panganten/sarat sarana, 2. tampo pasrah/sarat sarana, 3. "ATUR PANGAYUBAGYA" "

Posting Komentar